01.Ambune arum jamban: Ambune banger
02.Awake kuru semangka: Awake lemu banget
03.Balunge aros debok: Balunge empuk banget
04.Barange aji dodhong garing: Barange ora aji banget
05.Bobote abot kapuk: Bobote entheng banget
06.Bobote bot merang segendheng: Bobote etheng banget
07.Cahyane abang dluwang: Cahyane pucet banget
08.Dedege dhuwur kencur: Dedege cendek banget
09.Enggale suwe banyu sinaring: Wektune cepet banget
10.Eseme pahit madu: Eseme manis banget
11.Kawruhe jeru tapak meri: Kawruhe sethithik banget
12.Kulitane wuled godhong lumbu: Kulite gampang suwek
13.Lemune banjo tampah: Lemune bundher banget
14.Pakulitane kuning silit kwali: Pakulitane ireng banget
15.Pemandhenge kedhep tesmak: Pemandenge njinggleng
16.Pikirane landhep dhengkul: Pikirane bodho banget
17.Playune lonjong botor (mimis): Playune banter banget
18.Playune rindhik asu digithik: Playune banter banget
19.Poalhe anteng kitiran: Polahe akeh banget
20.rasane legi butrawali: Rasane pait banget
21.Rembuge peret beton: Rembuge alus banget
22.Srawunge rnggang gula kumepyur pulut: Srawunge raket banget
23.Tatune arang kranjang: Tatune kerep banget
24.Tembunge pait madu: Tembunge manis banget
25.Rembunge resik peceren: Tembunge rusuh banget
26.Ulate bening leri: Ulate mrengut banget
27.Suwe mijet wohing ranti: Sedhela banget
28.Wujude agal glepung: Wujude lembut banget
29.Utange arang wulu kucing: Utange akeh banget.
Sumber: http://njawil.blogspot.com/2008/08/sanepa.html
Kamis, 25 Desember 2014
Rabu, 24 Desember 2014
GEGURITAN PENDIDIKAN
TANJUNG EMAS
Papanmu pinggir samodra
Gedhe labuhmu marang Negara
Baitha-baitha
Saben dina teko lungo
Padha lelayaran
Saka manca Negara
Teka ing nusantara
Para wiyasa mira
Nrajang ombaking samodra
Ora peduli angin gedhe
Ora peduli panasing srengenge
Tanjung Emas
Jenengmu cinatha sejarah
Nganggo mangsi retna
Prasasti saka karang jati
Dadi saksi Labuhmu marang nagari
Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Sabtu Bersih
Dina Setu ing wanci enjang
Suasono Tasih katon Remeng
Katambah Kluruk pitik kang gayeng
Katon Siswa SMP kang Nggrengseng
Wanci Sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resek pasinaon
Namung tekat saiyeg saeka kapti
Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri
SUMBER : http://candycoffin.blogspot.com/2014/11/contoh-geguritan-jawa-pendidikan.html
Selasa, 23 Desember 2014
KATA MUTIARA BERBAHASA JAWA
Matur nuwun Gusti kagem dinten menika, Mugi dinten menika saged tansah kula lampahi kanti laku lampah ingkang langkung saeTerima kasih Tuhan untuk hari ini.Semoga hari ini bisa selalu saya jalani dengan tingkah laku yang baik.AminYen urip mung isine isih nuruti nepsu,Sing jenenge mulya mesti soyo angel ketemuJika hidup masih dipenuhi dengan nafsu untuk bersenang-senang, yang namanya kemulyaan hidup akan semakin sulit ditemukanMung merga sega sepiring aja nganti ngguling sega sak cething,Mung merga banyu sak cipratan aja nganti utah banyu sak padasan.Kalau cuma karena nasi satu piring jangan sampai tumpah nasi satu bakul.Kalau cuma karena satu cipratan air jangan sampai membuat tumpah satu tampungan air.Jangan karena masalah kecil membuat semua menjadi berantakan!!!
Gusti paring dalan kanggo uwong sing gelam ndalan“Tuhan memberi jalan untuk manusia yang mau mengikuti jalan kebenaran”Sapa sing tansah ngliwati dina lan nglakoni apa sing ana kanti ati sing legawa,Bakal oleh hasil sing luwih kanggo uripe tinimbang wong liyaJika hidup masih dipenuhi dengan nafsu untuk bersenang-senang, yang namanya kemulyaan hidup akan semakin sulit ditemukan
Yen kabih wis ginaris nyata, aja nganti ana ati sing rumangsa sengsara narima pacoba
Jika semua sudah menjadi ketetuan Tuhan, jangan ada lagi hati yang merasa sedih disaat menerima cobaanNyambut gawe diniati sing tenanan,Kanggo golek panguripan sukur bisa nguripi wong sing kekurangan.Sapa seneng andum bakal keduman, sapa seneng pawih bakal luwihBerkarya dengan niat yang sungguh-sungguh, untuk mencari penghidupan akan lebih baik jika bisa menghidupi.
Dengan berbagi semakin memperlancar rezeki,siapa bermurah hidup penuh berkah dan berlimpah.
Luwih pantes diajeni wong wani urip tinimbang wani mati.Yen wani urip kudu kuat.Yen wani mati bisa mung karana nekatLebih mulia dihargai orang karena berani hidup daripada berani mati Karena berani hidup harus kuat Tetapi berani mati bisa hanya karena nekatNglakoni apa-apa sing kudu dilakoni lan ninggalke apa-apa sing kudu ditinggalke wujud tanggung jawabe manungsa marang uripe.
Melakukan sesuatu yang harus
dilakukukan dan meningalkan sesuatu yang harus ditingalkan adalah wujud
dari tanggung jawabnya manusia akan hidupnya.
Uwong sing ngaku bala nanging mung reka-reka iku luwih seneng yen awakmu sengsara.Ngati-ngati milih bala ngati-ngati milih kanca
“Orang yang mengaku teman tetapi cuma pura-pura itu lebih senang kalau dirimu sengsara.Hati-hati memilih teman”Kata Kata Bijak Jawa dan Artinya
Urip iku terus mlaku, Bebarengan karo wektu,SING BISA GAWA LAKUMU, Supaya apik nasibmu.
Hidup itu terus berjalan,bersamaan dengan waktu,Yang bisa membawa tingkah lakumu.Biar baik nasibmu.
Aja umuk bandhane wong tuwa, Arepa ora sepira, Yen hasil kringete dhewe iku luwih nyenengake lan bisa dibanggaake.
Jangan menyombongkan hartanya orang tua,Walaupun tidak seberapa,kalau hasil dari keringatnya sendiri itu lebih menyenangkan dan bisa dibanggakan.Aja takon Gusti tresna ora marang awake dewe, Yen iseh bisa maca tulisan iki kudune sadar lan kudu sukur iseh weruh donya iki.
Jangan tanya Tuhan cinta tidak
terhadap kita.Kalau masih bisa membaca tulisan ini harusnya
sadar&harus bersukur masih bisa melihat dunia ini.
Aja dadi uwong sing rumangsa bisa lan rumangsa pinter. Nanging dadiya uwong sing bisa lan pinter rumangsa
Jangan jadi orang yang merasa Bisa dan merasa Pintar Tetapi jadilah orang yang bisa dan pintar merasa
Ana mangsane bisa diunggahi ana mangsane diadohi.Ana mangsane nyuburi ana mangsane ngrusaki.Iku salah siji wujud kuwasane Gusti
Ada saatnya bisa didaki ada saatnya dijauhi.Ada saatnya menyuburkan ada saatnya merusak.Itu salah satu wujud kuasanya Tuhan
Genahe…Gustimu ora butuh disembah supaya mulya, Manungsa sing butuh nyembah supaya mulyaSebenarnya…Tuhanmu tidak butuh disembah supaya mulia,Manusia yang butuh menyembah supaya mulia.
Ngarep-ngarep pitulungane
manungsa iku kadangkala malah ngadohke pitulungane Sing Kuwasa,Merga
manungsa wis semendhe ora marang Gustine
Mengharapkan pertolongan manusia itu kadangkala menjauhkan
pertolongan Yang Kuasa.Karena manusia sudah menyandarkan ke sesamanya
tidak kepada Tuhannya.
Aja nyawang sugih dadi ukuran
mulya,Aja nyawang mlarat dadi ukuran hina,Mulya iku ana becike laku lan
ati sing cedhak marang Gusti
Jangan melihat kekayaan jadi ukuran kemuliaan,Jangan melihat
kemiskinan jadi ukuran kehinaan.Kemuliaan itu ada baiknya perbuatan dan
hati yang dekat kepada Tuhan.
Ora ana manungsa tinakdir ala, Kabeh manungsa iku dasare apik. Mung napsu sing angel dikalahke ndadeake alane dadi nyata.
Tidak ada manusia bertakdir jahat, Semua manusia dasarnya
baik.Cuma nafsu yang sulit dikalahkan menjadikan kejahatan menjadi
nyata.SUMBER : http://gambarfoto.co/kata-mutiara-bijak-jawa.html
Senin, 22 Desember 2014
Cerkak "KANCIL LAN MERAK"
Merak pancen seneng macak. Mula tansah
nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora
sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi
busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan
wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad.
Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,”
wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara
kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa
linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
SUMBER : https://jayabaya.wordpress.com/2006/09/08/kancil-lan-merak/
“Tangeh
lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi
peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane
Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki,
mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana
ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi
piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil
sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise
megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku
letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora
sebah nyawang!”“Kuwi
rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak.
“Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya
ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato
kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan
akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung
pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu
kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya
kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak
tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang
kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung
tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi
piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancilwis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Sing ndongeng: Bagong Soebardjowis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
SUMBER : https://jayabaya.wordpress.com/2006/09/08/kancil-lan-merak/
Cerkak Ngapak "IBU"
Dening : Anisah Farah
Ora kerasa jebul wis jam enem esuk,
awit mau Asep digugah ora gelem tangi. Saiki malah Asep sing kocar-kacir
dhewek. Asep langsung gagian adus, barang wis rapi kabeh Asep mudhun mengisor
kanggo sarapan. Saiki wis jam enem luwih patang pulih menit. Neng umah kari ana
Asep karo ibune. Bapak karo kakang-kakange wis padha mangkat kabeh. Lubar
mangan ibune njaluk tulung maring Asep kanggo nggoleti kacamatane.
“Sep tulung goletna kacamatane ibu
disit ya sedurunge mangkat. Ibu awit mau matane bureng, ora jelas kanggo weruh
tulisan.”
“Lah...mengko Asep telat bu!” Asep
mucu-mucu sewot.
“Sedelat bae sep, ibu kelalen ndokone neng
endi.”
“Lah...Ibu ana-ana bae iz!”
Akhire Asep tetep nggoleti kacamatane ibune
karo sewot-sewot. Wis sepuluh menitan Asep nggoleti kacamatane, tapi tetep bae
ora ketemu. Akhire Asep jengkel maring ibune, soale dheweke wis telat mangkat sekolah.
“Wis lah bu, Asep pan mangkat sekolah!
Ibu sih tengkulah kelalen ndokon kacamatane!”
Asep langsung metu umah karo ati sing
nggrundel. Ibune mung bisa netesna banyu mata gara-gara omongane Asep sing
kasar maring dheweke.
Barang anjog sekolah Asep esih bae
sewot maring ibune. Jebule bocah-bocah durung padha manjing kelas, pelajaran
durung dimule jare kancane guru-guru lagi ana rapat. Asep langsung kelingan wis
nyalahna ibune nek Asep telat mlebu kelas.
Sawise
ngenteni nganthi seprapat jam
akhire pelajaran dimule. Asep ngikuti pelajaran kaya biasane, tapi atine
Asep
kaya ana sing ngganjel. Asep ora fokus ngikuti pelajaran nganthi bel
istirahat moni. Asep biasane langsung ngacir maring kantin tapi dina
kiye Asep
malah neng njero kelas terus.
“Sep sep...metu yuh, kowen kenapas
sih? Meriang apa? Awit mau ke meneng bae.”
Asep kaget, jebul kancane ana sing ngajaki Asep ngaso. Asep
mung nggelengna sirah karo njawab kancane seperlune.
“Lagi ora pengin, kowen metu dhewekan
bae.”
Akhire kancane langsung metu kelas
tanpa ngomong apa-apa maring Asep. Asep nglambrukna sirah neng nduwure meja karo
ngelamun. Ora kerasa jebul Asep keturon neng kelas.
***
“Sep...Ibu tak lunga disit ya... kowe
ati-ati neng umah. Nek ngelih, Ibu wis masakna kowen endog dadar karo jangan
bayem kesenengane kowen.” Ibune Asep langsung ngelus-ngelus sirahe Asep.
“Ibu pan maring endi?” Asep takon maring ibune karo ngadeg neng tengah lawang.
“Ibu pan lunga adoh. Kowen aja
lengusan ya dadi bocah lanang. Masa secuil-secuil mrengut, secuil-secuil sewot?
Ora apik sep sifat sing kaya kuwe, ngerti sep?”
Asep mung manthuk tok krungu omongane ibune.
“Nah kaya ngono oh, kuwe tembe anake ibu.” Ibune Asep langsung mesem.
“Bu kapan ibu balik maning?” Asep
takon maring ibune.
Ibune mung meneng tok ora jawab
apa-apa, terus ibune langsung pamitan maring Asep.
“Wis ya ibu tak lunga disit, wis
waktune ibu lunga.”
Asep langsung saliman karo ibune,
barang ibune wis mlaku selangkah rong langkah, ujug-ujug Asep ngundang ibune maning.
“Bu mengko disit. Kacamatane ibu wis
ketemu, sedelat ya Asep jukutna. Aja lunga disit.”
Asep langsung mlayu maring njero umah
kanggo njukut kacamatane Ibune. Barang anjog ngarep umah jebul Ibune wis ora
ana. Asep ngejar ibune, tapi ibune wis ora katon maning. Asep gemboran
ngundang-ngundang ibune terus.
***
“Sep...sep...!”
Asep langsung tangi kekageten, matane Asep
teles. Asep nembe nyadar nek dheweke keturon neng kelas.
“Kowen kenapa toh? Turu karo bengak
bengok ‘Ibu-Ibu’ terus.” Kanca sebangkune Asep takon karo keder ndelengna Asep.
“Ora apa-apa. Mung mau mimpi ibune nyong
tok. Eh wis bel manjing ya?”
“Uwis, nembe bae. Tinggal ngenteni pak
Zaeni teka.”
Asep manthuk-manthuk karo
ngucek-ngucek matane . Ora suwe akhire pak Zaeni teka.
“Assalamualaikum...” pak Zaeni
ngucapna salam karo mlaku maring meja guru.
“Waalaikumsalam...” jawab bocah-bocah
serentak.
“Cah saiki Bapak pan njelasna Cikal
bakal manungsa awit saka getih nganthi segedhe kowen-kowen padha.”
Bocah-bocah katon serius nyimak gurune
sing lagi ngomong.
“Ana neng surat Al-Mu’min ayat nem
puluh pitu karo surat As Sajadah ayat pitu nganthi sepuluh, dijelasna proses
terbentuke manungsa. Coba dibuka LKSe ya...”
Terus bocah-bocah padha mbuka LKS,
bocah-bocah langsung padha mbaca. Bar rampung padha mbaca, pa Zaeni nerusna
olih ngomong.
“Nah neng jaman saiki, neng dunia
kedokteran wis terbukti nek kowen-kowen padha mbiyen asale saka getih sing nggumpal selak suwe
selak sempurna sampe akhire kowen-kowen padha lair neng dunia.”
“Berarti Al-Quran ora goroh cah, sing
luwih penting maning Allah Maha Benar, Allah Maha Pencipta segala ana sing neng
langit karo sing neng bumi. Subahanallah.”
Bocah-bocah padha manthuk-manthuk karo
melu ngomong, “Subahanallah.”
“Lah saiki sapa sing wis nglairna
kowen cah?” Pak Zaeni takon maring bocah-bocah.
Bocah-bocah langsung padha jawab, “Ibu...”
“Betul.! Kowen ngerti cah, mbiyen ibune
kowen nglairna kowen kuwe taruhane nyawa. Bayangna cah, pas nglairna kowen
larane kaya apa? Tapi Ibune kowen tetep berjuang kanggo kowen lair neng dunia. Pas
kowen lair, ibumu ngarep eben kowen dadi anak sing berbakti karo wong tua, dadi
bocah sing bisa dibanggakna wong tua.” Pak Zaeni mandeg sedelat olih ngomong.
“Makane cah, dadi bocah sing nurut
karo wong tua, terutama Ibune kowen sing uwis nglairna kowen. Coba buka surat
Al Israa’ ayat rong puluh telu. Neng kono dijelasna nek bocah kuwe ora olih
ngomong ‘ah’ sekalipun maring wong tuane, walaupun wong tuane dhewek nggawe juwet
dhewek. Dosa cah, apamaning nganthi mbentak Ibune. Bisa dadi bocah durhaka,
bocah-bocah durhaka maring wong tua terutama Ibune bakal manjing neraka. Apa
kowen kabeh pengin manjing neraka cah?” Pak Zaeni takon maring bocah-bocah.
Bocah-bocah padha serentak njawab,
“emoh...”
“Yawes makane mule saiki sing nurut
karo wong tua terutama ibune kowen padha. Nek dikongkon-kongkon sing ikhlas
aja nggresula. Aja ngomong ‘lah, uh, ah’ sing kaya mau dijelasna neng surat
Al-Israa’. Jelas cah?”
Bocah-bocah langsung padha manthuk. Neng
pojok kelas, jebul Asep lagi nangis kelingan kedadean lagi esuk. Asep nduwe
niat njaluk maap maring Ibune lubar balik sekolah.
Ora kerasa akhire jam balik sekolah
moni, bocah-bocah langsung padha mlayu metu kelas. Asep ya langsung balik
cepet-cepet balik maring umah.
***
Barang anjog umah, Asep langsung
nggoleti Ibune. Ibune ora ana digoleti neng endi-endi, Asep kelingan mimpine
lagi mau. Asep mikir nek Ibune temenan lunga saka umah. Akhire Asep langsung
nangis sesenggukan neng ruang tamu.
Ora suwe jebul ibune Asep teka saka
njaba, weruh Asep nangis ibune langsung keder. Asep sing weruh ibune, langsung
mlayu marani ibune karo nyikep kenceng ibune.
“Iz...Asep kenapa? Mau ditakali
kancane apa? Apa Asep tiba?” Takon ibune.
Asep sing ditakoni mung bisa
gedheg-gedheg karo nangis. Ibune dadi tambah keder.
“Yawes saiki njagong ndisit neng
kursi.” Ibune Asep nggandeng Asep kanggo njagong neng kursi.
Barang Asep wis lumayan tenang,
dheweke langsung ngomog maring ibune, “ibu miki saka ngindi?”
“Ibu saka warung sep, tuku sayuran
kanggo njangan bayem kesenengane kowen.”
Krungu omongane ibune, Asep tambah
seru nangise. Ibune malah tambah keder.
“Asep kenapa?”
“Ibu aja lunga... ibu masakna Asep,
soale ibu pan lunga oya? Asep njaluk maap bu, Asep janji ora bakal sewot-sewot maning
karo ibu. Asep janji bakal dadi bocah sing apik bu. Tapi ibu aja lunga saka Asep.”
Suara tangisane Asep tambah seru.
Ibune kaget krungu omongane anake sing
paling mbontot kuwe. Ibune langsung ngelus sirahe Asep.
“Sep... sapa sing pan nenggalna kowen?
Ibu ora ana niat kanggo nenggalna anak kesayangane ibu kiye. Ibu bakal ngancani
Asep sampe Asep gedhe, sampe Asep wis ora mbutuhna ibu.”
Asep langsung ngomong, “emoh...pokoke ibu
aja lunga saka Asep sampe Asep tua! Sampe kapanpun Asep bakal tetep mbutuhna ibu.”
Asep terus nangis.
“Yawes ibu bakal karo Asep terus sampe
Asep tua, tapi Asep janji ora nakal maning ya... Aja lengusan, aja gampang
sewot.”
“Iya bu, Asep janji. Asep njaluk maap
lagi esuk wis sewot-sewot maring ibu.” Suara tangise Asep wis ora sekenceng
mau.
“Iya ibu wis maapna Asep kog. Ibu ora
tau sewot karo Asep walaupun Asep nakal.” Ibune mung mesem karo ngelus-ngelus
sirahe Asep.
“Saiki mana ganti klambi, terus masak
bareng ibu ya... Sedelat maning bapak karo mbayune Asep balik kantor.”
“Iya bu....” Asep gembuyu karo
langsung mlayu maring kamare.
TAMAT
Sore kuwe langit
mendhung. Esih jam 3-an ningen ketone wis peteng ndhedhet kaya wis garep
jam 6 sore. Karmin ngambi Sinah padha jagongan nang mbale. Anake telu
Suti, Kardi ngambi Tiwi. Nang mbale, Suti sinau wong wis garep ujian
SMP. Adhine, Kardi kelas 4 SD agi glewehan ngambi si bontot Tiwi sing
umure mbene 3 taun.
Ora let suwe udan angin gemebret banget ngambi bledheg pating jleger
nyander-nyander. Karmin gagean maring mburi niliki kandhang wedhuse,
mbok ana seng sing nglingkab, melas mbok wedhuse kudanen.
Sinah mereki anake sing cilik terus dipangku. Suti ngambi Kardi mereki
biyunge, mergane padha wedi udan angin ngambi bledheg sing ora
mandheg-mandheg. Suwe-suwe Tiwi turu nang pangkone biyunge. Sinah terus
menyat garep ngeblugna Tiwi nang senthong. Sewise kuwe Sinah maring
pawon garep olah-olah nggo nyore.
Adzan ngisa keprungu sekang mesjid desa. Udane esih riwis-riwis. Karmin
meng sumur wudhu, njutan mangkat maring mesjid. Sinah sembayang nang
umah mergane Tiwi wis turu, melas angger ditinggal.
Antarane jam 9 mbengi bocahan wis padha turu kabeh. Karmin ngambi Sinah
jagongan nang mbale. “Kang Karmin”, Sinah mbukak omongan. “Kiye si Suti
wis kelas 3 SMP, jere kepengin nerusena maring SMK. Kepriwe kang, apa
kira-kira dhewek teyeng mragadi?”. Karmin meneng bae. “Kepriwe kang,
dijek rembugan koh meneng bae”, Sinah ngomong maning. “Inyong krungu
omonganmu, Nah. Tapi inyong ya bingung, koh, mbok ngerti dhewek…,
pegaweyanku srabutan ora kena dijagakna. Padahal angger sekolah SMK
biayane gedhe”.
Wong loro banjur padha meneng. Mung ana swara jangkrik sing keprungu
mecah sepine wengi. Karmin ngambi Sinah padha mikir dhewek-dhewek.
“Kang, inyong tek ngomong ya. Kepriwe angger inyong lunga maring Jakarta
dadi babu, mbok teyeng nggo nyekolahna Suti. Inyong melas Suti angger
ora sekolah. Jere Suti kepengin maring SMK, mengko angger wis lulus mbok
jere sapa teyeng kerja nggo mbantu adhi-adhine”.
Karmin urung semaur, ketone abot banget goli garep ngucap.
Karmin krasa nlangsa banget, ingatase bocah kepengin sekolah SMK bae koh
dheweke ora teyeng nyembadani. Rumangsa dheweke pancen wong bodho,
lulus SD baen bijine pas-pasan. Sinah mendhing, teyeng sekolah gutul
SMP. Apa enggane anake ya garep padha ngambi rama-biyunge sing ora
teyeng sekolah dhuwur? Urip nang ndesa bae trima dadi buruh tani?
Mangkane anak-anake rupane ayu-ayu kaya biyunge. Kulite bersih-bersih,
irunge ya mbangir. Enggane bocah ayu-ayu kon trima matun? Mangkane
sekolahe padha pinter-pinter, bijine mesthi apik terus.
“Olih apa ora kang, inyong ngewula maring Jakarta?”, Sinah mbaleni
takon. “Mengko si Tiwi kon ngambi ninine, bocahe manut ikih”. Sewise
mikir suwe, kanthi swara abot Karmin ngomong, “Ya wis nganah ko ngodhe
maring Jakarta. Inyong trima nang ndesa ngambi bocahan, ngingu wedhus
ngambi buruh nang sawah.”
“Rika rila temenan kang?”, Sinah nggenahna.
“Iya, tek rilani Nah…, dhemi bocah-bocah. Inyong rumangsa dadi wong
lanang koh ora teyeng nyenengna anak bojo.”
“Aja ngomong kaya kuwe, kang. Wis dadi takdire dhewek urip kaya kiye.
Sing penting dhewek terus nyuwun maring Gusti Alloh kon diparingi dalan
sing kepenak. Kabeh lakon wis diatur”, Sinah nutup rembug nang wengi
kuwe.
Wis nem wulan suwene Sinah nang Jakarta. Kodhene saben wulan dekirimna
kon dicelengi nang Karmin nggo agan wragad mlebu sekolah Suti meng SMK.
Suti wis ujian SMP, bareng pengumuman Suti krasa bungah banget, bijine
apik. Suti terus SMS maring biyunge, lamona dheweke lulus lan garep
ndaftar SMK. Maca SMS-se Suti, Sinah bungah banget ngambi nlangsa
mergane ora teyeng nunggoni anake. “Ya.. kowe ndaftar ngambi bapane.
Mamak ora teyeng njujugna. Mamak ndonga kang Jakarta”, kaya kuwe SMS-se
Sinah maring Suti.
Dina pendaftaran SMK, Suti diboncengna bapane. Gutul SMK wis akeh bocah
sing padha ndaftar. Suti melu mped-mpedan njimot formulir pendaftaran.
Bareng wis olih lan ngisi data kumplit, Suti mereki bapane. “Pak, inyong
wis rampung goli ndaftar, mayuh padha bali”.
Bapane semaur, “Ya mayuh. Moga-moga ko detampa ya”, ujare bapane. “Ya
pa, ayuh gelis inyong sedhek kepengin bali”.
Wong loro boncengan metu kang plataran SMK. Bareng nang nggili gedhe ora
ngerti sangkan paraning bilahi, ujug-ujug ana bus laju banter banget.
Karmin kaget, pite ngleob terus rubuh meng tengah nggili. Disusul swara
bresss.. mbanjut wong-wong nang ngarep SMK pating njlerit.
Karmin ngambi Suti wis ora kemutan apa-apa maning.
Dina kuwe Sinah nang Jakarta awake krasa lemes banget, nyambut gawe
kayong awang-awangen. Mau mbengi bar ngimpi aneh, Karmin dadi penganten
maning. Anake, Suti nang jejere ketone seneng banget bapane dadi
penganten. Suti ngguyu-ngguyu baen. Wong sing nyumbang nang umahe
ndlidir akeh banget.
Lagi ngalamun, Sinah kaget krungu telpun moni.
Jebul sekang adhine sing nang ndesa. “Yu, siki rika bali. Kiye Suti
mriyang”, kaya kuwe thok omonge adhine nang telpun. Sinah gagean pamit
maring majikane, garep bali niliki anake. Sedawane nang ndalan Sinah
kaya bocah linglung. Atine ora karu-karuan. Getug terminal Purwakerta
awan, adhine wis nunggoni nang ngarep terminal.
“Kepriwe Suti, Man…, mriyang apa?”
Adhine semaur, “Sabar dhimin nggayu, mayuh bali dhisit, mengko rika
ngerti dhewek”.
Tekan latar Sinah atine trataban, deneng akeh wong nang umahe, ngambi
ana bendera putih detancebna nang lawangan.
Ora sranta Sinah mlayu mlebu ngumah.
Sinah kaget sangkete, paribasane disamber nggelap.
Bareng weruh nang bale ana jisim loro jejeran detutupi jarit.
Alam ndunya dadi peteng ndhedhet lelimengan.
Sinah ora ngreti lor-kidul, semaput…..
Doc. by Bubar, selaras Kang Wirya.
Sumber: http://lingkunganbersama.blogspot.com/2013/05/balada-karmin-ngambi-sinah-ngapak.html
Silahkan dicopy dan jangan lupa cantumkan sumbernya...!

Minggu, 21 Desember 2014
Cerkak ngapak Banyumasan berjudul "MARIA"
Jam 22.30. Inyong wis ora kongang nyagak mata. Karepe egin kepingin
nerusna nonton pilem barat neng tipi. Mbangane keturon neng lincak
plupuh empring, inyong mlebu senthong mapan turu.
Nembe baen slonjor, sekang arah mburi ngumah ijig-ijig keprungu swara radio disetel, swarane kemresek presis kaya glombang MW kaya jaman aganu. Banjur keprungu swara wong wadom enom nyeluk-nyeluk inyong, “Par Gopar, Par Gopar,” lha wong ana swara nyeluk-nyeluk kaya kuwe ya nyong semaur, “Apa.”
Swara wong wadon kuwe njur keprungu maning, inyong ya semaur maning, “Apa Yung?” tek pikir-pikir koh kayong swarane biyunge agi nyeluk-nyeluk inyong. Gagean mlayu sipat kuping mlebu senthonge biyunge, jebule biyunge agi turu karo bapane, gole ngorok mantep pisan.
Inyong nembeke emut, kuwe dudu swarane biyunge. Swarane sapa maning nek dudu swarane lelembut? Inyong mrinding, wulu kalong neng nggithok njegrig. Banjur nyebut asmane Gusti Allah, “Astaghfirullahal’azhim,”
Gagean inyong nylingkrig ngambene biyunge, turu neng tengah-tengahe bapane kambi biyunge. Biyunge dadi tangi.
“Ana apa Par? Wis wengi koh ndadak pecicilan?”
“Lha genah nembe krungu swara wong wadon nyeluk-nyeluk koh, nyong ya semaur.”
“Jebule swarane sapa?”
“Genah ana swarane ora nana wonge koh.”
“Hush…kowe ya luput. Dhonge toil aja semaur, kuwe swara setan. Ngerti swara kaya kuwe disemauri. Mulane angger garep mapan turu maca donga aring Gusti Allah ndhisit, paling sethithik maca Al Faete’ah ping telu,” inyong malah diomeih biyunge.
“Inyong ya ora luput ya. Sapa ngira nek kuwe dudu swara menungsa?”
Bar kuwe, let telung wulan swara sing presis keprungu maning. Sedurunge keprungu uga dewiwiti swara ngosos kaya glombang radio transistor sing nganggo glombang MW.
“Sssssss….. Par … Gopar…. Ssssss Par … Gopar.”
Merga wis ngerti dudu swara menungsa, nyong babar plothas ora nggople. Malah, arah asal swara kuwe tek pendeliki. Nyong ora mrinding sethithik-sethithik acan. Selot suwe swarane ilang karepe dhewek.
Let setahun bar kuwe, eh .. delepen swara kuwe keprungu maning. Wiwitane ya presis kaya sing ndhisit, ana swara ngosose. Nyong uga ora nggople aring swara kuwe.
Seploke kadadian kuwe, seprana-seprene wis ana setaun. Swara kuwe wis ora tau keprungu maning. Inyong wis klalen karo kedadean kuwe, uga wis ora tau nggagas babar pisan.
**
Biyunge nembe bae bali kumpulan dasa wisma. Dheweke nyritakna dopokane kambi Mbok Dakem.
“Par, mau inyong ngetuprus kambi Mbok Dakem. Dheweke nyritakna anak wadone sing bola-bali diparani wong wadon enom ayu blesteran Landa, jenenge Maria.”
“Lha bocah wadon kuwe anu batir sekolahe apa Yung?”
“Dudu.”
“Lha sapa?” inyong penasaran.
“Engko dhimin, mulane aja cokan nrombol wong tua agi crita,” matane biyunge rada mendelik.
“Lha terus keprimen?”
“Lha mulane meneng. Critane garep diterusna apa ora?” biyunge mutung..
“Ya terusna koh!”
“Pas diparani, Sajem dopokan karo wong wadon enom blesteran Landa, jenenge Maria. Jere, aganu Maria dirudapaksa karo wong lanang jahat. Merga sing ngrudapaksa anu kenal, Maria dadi dipateni. Mayite diguang aring pereng mburi umahe Kaki Sanmiarja.”
Inyong mrinding ngrungokna critane biyunge.
“Lha kuwe Sajem gole diparani Maria anu temenan apa kur neng impen?
“Jere biyunge sih kanan-kanane anu kayong ngimpi, kayong ora.”
“Yung, inyong koh dadi kemutan karo swara wong wadon sing aganu nyeluk-nyeluk nganti ping telu, swara sing keprungu angger inyong garep mapan turu. Aja-aja, kuwe swarane Maria ya Yung?”
“Genah iya koh. Nyong be nduwe pikiran kaya kuwe,” semaurane biyunge.
Miturut inyong karo biyune, ora nana sing jere wong mati ngeton maning. Jere guru agamane inyong jaman egin sekolah, kuwe anu setan sing mujud menungsa.
Merga nduwe rasa penasaran aring critane biyunge, inyong dadi ora sranta kepingin nemoni Sajem, kepingin krungu aring wong sing nduwe crita. Sekang kaca mbalene, Sajem keton agi nonton acara inpotaimen neng tipi.
“Ana apa Par, kayonge koh kedhagar-dhagar nemen gole ngeneh,” pitakonane Sajem.
“Genah inyong bar dicritane biyunge koh. Jere ko sering ditemoni wong wadon enom blesteran Landa jenenge Maria? Deneng kawit gemiyen koh aora tau kandhahan. Kuwe anu keprimen?”
“Genah iya koh Kang. Ya pokoke kayong ngimpi, kayong ora,.” omonge Sajem.
“Lha keprimen sih critane? Nyong koh penasaran banget.”
“Gole diparani angger nembe ngliyeb turu. Kanan-kanane inyong dopokan kambi Maria. Dheweke ngaru-ara kambi nangis mewek-mewek, rikala agi dus-dusan neng kali Wedhus mburi umahe Kaki Sanmiarja, dheweke diperkosa neng tentara Landa, banjur depateni. Mayite dipendhem neng ngisor wit ringin pereng kali.”
“O, dadi kaya kuwe critane. Lha angger dheweke garep nekani kowe keprimen?”
“Rika kemutan jamane radio egin transistor? Pokoke swarane dibarengi swara ngosos kaya golombang radio MW.”
Krungu critane Sajem, githoke inyong dadi mrekinding disco.”
“Lha deneng sih debarengi swara kemrosos kaya sawara glombang radio MW? Inyong apa ora sih, tek etung-etung ana ping telu ketekan swara kaya kuwe. Sedurunge ya kemresek, banjur keprungu swara wong wadon enom nangis mingsek-mingsek kambi nyeluk-nyeluk inyong.”
“Hah, rika ya ditekani? Lha kuwe anu neng impen apa temenan?
“Genah iya koh. Anu temenan, ningen kur krungu swarane.”
Lha rika semaur apa ora?” Sajem takon.
“Lha ya semaur, sapa ngira kuwe dudu swara menungsa. Ningen, sing kepindo karo ketelu nyong wis ora semaur.”
“Aja-aja kuwe swarane Maria ya?” Sajem nyocogna.
“Genah iya koh, nyong ya nduwe pengira-ira sing kaya kuwe. Mulane inyong gagean ngeneh. Ndean kuwe pancen swarane Maria, Jem.”
Inyong karo Sajem dadi njekethet-njekethet.
“Pancen Jem, jerene wong tua-an, pereng kali Wedhus sing presis mburi umahe Kaki Sanmiarja kae pancen angker, ana kunthine. Inyong ngger anu be cokan krungu wong wadon ngguyu cekikikan.”
“Gole ngguyu keprimen jajal?” Sajem takon.
“Ya kaya kae, antara ngguyune menungsa wadon enom karo swara walang kerik lagi ngerik, kik ki kik kik kik …” wangsulane inyong.
“Seh, deneng sih presis karo pengrungone inyong ya?”
Wulu kalong sing neng githok njegrig maning.
“Jem, kanan kanane, Maria kuwe wujude kayangapa?” inyong takon.
“Wujude ayu pisan koh, kaya artis sinetron. Anggon-anggone senenge srawa putih. Kulite pitih resik, irunge mbangir mincis-mincis, dedege dhuwur, rambute lurus dirembyak segeger.”
“Lha ngger nyeluk-nyeluk inyong ndean ya anu garep wadul ya Jem,” jere inyong.
“Iya kuwe, rika anu garep nggo jugang pawuan.”
“Ora usah digople kuwe Jem. Kuwe tuli anu setan sing agi mujud menungsa. Ora kajat, nek ana wong sing wis mati koh teyeng meruih menungsa.”
“Iya pancen, Kang Gopar.”
Mbengi kuwe, kebeneran pas malem minggu. Inyong kambi Sajem mlipir perenge kali Wedhus sing presis mburine Kaki Sanmiarja. Rekane garep nguji nyali nggoleti Maria. Inyong jane ora wedi, ningen ethok-etohoke wedi, ben teyeng ndhempel pundhake Sajem karo ngremed tangane.
Neng perenge kali Wedhus, prsesise neng ngisor wit ringin, mbengi kuwe inyong dadian karo Sajem. Inyong janji nek gelem ngiyomi uripe Sajem, uga kandhah nek garep nglamar pas wulan besar, inyong uga janji garep nggolet gawean apa baen, sing penting khalal, dadi kuli tagog ya gelem. Uga, inyong janji garep mareni nenggak gepengan.
“Ya age-age baen nggolet gawean Kang, ben gagean teyeng ijab”
“Beres Jem.”
Sajem ora nolak, karo apa sing tek kandhahna. Adhuh, inyong bungahe jan. Rembulan sing agi njedhul sethithik-sethithik nginggeng rikala agep ngambung lambene Sajem. Jebule, Maria uga ora gelem kalah karo rembulan. Dheweke uga melu nginggeng sekang ngisor wit so karo ngguyu cekikikan. Kik kik kik kk kik …. inyong dadi wurung. Asem, Maria ngriwugi lho.
Yogya, wulan ngampret 2005
(Matur nuwun Kang Hari kanggo ijin ‘pemuatane’, lan muga-muga cepet dadi buku. Amien)
Sumber : http://banyumasnews.com/8374/maria-cerita-cekak-banyumasan/

Sabtu, 20 Desember 2014
DEWARUCI
atas permintaan kaum kurawa
durna memasang muslihat untuk melenyapkan bima
dengan menugasinya mencari tirta-prawita-adi
sebagai sarana pembuka pengetahuan sejati
yang bertempat di hutan tibrasara di gunung candramuka
setelah mengirim barisan-pendem untuk mencelakakan arya sena suyudana pulang ke permaisuri banowati dan putrinda leksmanawati
sementara sangkuni dan kurawa lengkap berangkat berkuda

pada saat yang sama di saptapratala,
batara anantaboga dan dewi suparti menerima sasmita dewata
bahwa bima menantu mereka akan menerima cobaan
sang dewi suparti segera silih warna sebagai naga
berangkat untuk membantu sang menantu
di perjalanan bersua para kurawa dan bertempur,
namun para kurawa segera menyimpang jalan
naga jelmaan segera melanjutkan langkah
dan bertapa di gua sigrangga
| di sapta arga, resi abyasa sedang dihadap arjuna dan para punakawan melaporkan bahwa arya sena hendak dicelakakan danghyang durna abyasa menyuruhnya mencegah, namun bila berkeras, doakanlah agar semua langkahnya membawa hasil sepadan di tengah rimba dalam perjalanan pulang, arjuna cs bertemu sepasang macan, sang kesara dan sang kesari, macan ditewaskan badhar menjadi batara brahma dan dewi saraswati brahma memberi wangsit bahwa bima akan memperoleh nugraha brahma dan isteri kembali makahyangan yudistira bima nakula sadewa dan kresna di amarta kresna ikut menahan bima agar membatalkan niatnya namun bima berkeras bahwa mencari tirta adi di gunung candramuka adalah bukti baktinya pada bapa guru durna serta demi mengejar pemahaman inti pengetahuan sejati arjuna datang dan melaporkan semua yang diketahuinya sena tetap tidak bisa ditahan dan pamit berangkat |
| di gunung candramuka sang sena bertindak membabibuta segala bukit batu dan pohon besar dibongkar berantakan namun apa yang dicari tetap tak bersua juga rukmuka dan rukmakala, sepasang raksasa di gunung candramuka murka melihat arya sena membongkar hutan semena-mena pertarungan tak terelakkan dan kedua raksasa musnah kembali ke wujud semula: hyang indra dan hyang bayu yang memberikan ajian jalasengara dan senjata ekal druwendra kemampuan memasuki air tanpa kesulitan (jalasengara) kedua batara memberi wisikan pula bahwa sebenarnya permintaan durna hanyalah tipu daya namun semua usaha yang dilakukan secara bersungguh-sungguh senantiasa akan berbuah sepadan sang bima segera kembali ke astina untuk menanyakan pada sang guru |
sekembali di astina, durna memberitahu
bahwa tugas terdahulu hanyalah penguji tekad muridnya
tempat yang sebenarnya adalah di tengah samudra
bima segera kembali ke amarta untuk pamit kedua kalinya
di amarta kembali semua kadang menahan kepergian bima
namun sekali lagi bima tak bisa ditahan dan berangkat segera
sesampai di gua sigrangga bima disambar oleh naga suparti
bertempur sejenak naga kalah dan kembali ke wujud aslinya
kemudian membisikkan tentang muslihat durna
namun jangan menurunkan semangat bukti bakti sang menantu
agar tetap memperoleh nugraha atasnya
sang sena diminta segera meneruskan ke samudera
lalu lenyaplah sang dewi
dan byar, arya sena sudah berada di tepian samodera
|
| dengan benak hanya terisi satu tujuan menaati permintaan guru durna sang bima mencebur ke tengah samudera ombak menyaput sampai ke leher dan kepala termangu sejenak sang bima membayangkan ancaman maut namun teringat pada aji jalasengara pemberian dewata seekor naga raksasa, sang nemburnawa, datang menghadang pertarungan di air membuat seisi samudera bergolak namun akhirnya sang naga tewas oleh kuku pancanaka samudera kembali hening tenteram sunyi tak lama kemudian tampaklah seorang anak bajang di atas air melambai pada bima agar menghampir lalu mewejang dengan berbagai ilmu sejati penguak segala rahasia alam semesta usai mewejang musnahlah sang dewaruci dan sang sena sudah kembali berada di alam nyata kembali ke amarta |
di tepi samodra menunggu arya sangkuni dan para kurawa
menduga sudah tewaslah sang tonggak pandawa
melihat munculnya sang bima para kurawa maju mengerubut
bima berhasil menghindar, hendak segera kembali ke amarta
para kurawa segera membuntuti mengejar
murung yang melela di amarta sirna seketika
oleh munculnya arya bima yang sehat tak kurang suatu apa
wajahnya tampak bersinar cemerlang oleh cahaya surgawi
kerusuhan di belakangnya oleh ulah para kurawa
segera berhasil dipadamkan oleh sang bima
kurawa bubar berantakan tanpa sisa
bima segera menyampaikan segala yang dialaminya
pada kresna dan kadang pandawa
semua berbahagia
keceriaan alam telah kembali mewarnai istana amarta
sang bima telah menemukan segala yang dikehendakinya
pengetahuan tentang hakekat hidup sejati
tancep kayon
harmiel m soekardjohttp://www.geocities.com/Athens/Delphi/7409/dwruci1.htm |
Langganan:
Postingan (Atom)