Selasa, 06 Januari 2015

KEJAWEN

Kejawen yaiku tradisi kanggo ngatur urip wong jawa sing ana kawit mbiyen. Kejawen dipercaya ana saka jaman masyarakat jawa dwipa. Lan kejawen pancen ana kawit mbiyen sing di andharake ing Guru Ingkang Murbeng Dumadi liwat titisanne Panjenenganne dalem kaki semar “kejawe iki ana wiwit mbiyen mula,nalikane wong nang tanah jawa isih gung liwang Liwung” lan ing jaman masyarakat dwipa kejawen iku dipercaya bisa ngatur urip sing lewih apik.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhS_3qUxfMSGlYFFG1_M9-w-yoM9exKRK6cYMaThjBWB9T2_WNq2_KTo3t1fe3tVR22iCs6-yXBw6oCmPC-IItrz_dtRSHgSFSkNEkZyl9hg_ri3r9zu6godT89tT2K9qeHJYka3eulg1s/s1600/111.jpg 
          Kejawen akeh dipercaya ing masyarakat jawa, ing jaman kerajaan Mataram, Surakarta lan Jogjakarta kejawen iki kanga gaya agama sing nduweni nuansa mistik. Ing jerone nduweni etika, adat istiadat lan tradisi-tradisi lia-liane. Sadurunge jaman kerajaan Mataram, Surakarta lan Jagjakarta kejawen iku namung kanggo usaha ngucap syukur dumateng Gusti pangeran sing wis menei urip lan ngatur uripe menungsa.
          Kejawen uga nduweni etika, adat istiadat sing bisa kanggo pendidikan pembentukan moral sing luhur lan budi pekerti luhur bangsa. Sing di utamakna ing nilai kejawen yaiku njaga keseimbangan urip lair lan batin ngangga cara “ngundi sejatining becik” sing semboyanne “hamemayu bayuning urip bebrayan lan hamemayu bayuning bawana”. Kejawen uga dadi paugeran lan nilai tradisi. Paugeran kejawen ana telu yaiku :
 (1) masalah urip kabeh ana sing gawe urip.
 (2) ora nglarani sepada-pada menungsa.
(3) ora meksa wong lia kudu kaya awake dewe.
          Nanging ing jaman saiki kejawen wis mulai ngilang amarga kejawen dianggep musrik merga ing tradisi kejawen ana sing di arani tapa, puasa 40 dina, ora mangan sega, ngrakeh lan lia-liane. Anggepan nek kejawen iku musrik kuwi ana wiwit agama-agama liane mlebu ing tanah jawa sing pandagan lan cara nyembah Gusti maha agung iku wis beda lan kabeh-kabeh ngrumangsani nek agamane deweke paling apik. Nanging sejatine tradisi tapa,puasa ngrakeh iku kangga intropeksi awake dewe lan latian priatin men mengkone bisa urip lewih apik lan bener.
          Kejawen iku sebenere aturan-aturan sing diengga para leluhur kangga ngatur urip supaya urippe ora keliru marang hal-hal sing elek. Ing tradisi kejawen akeh conto-conto sing bisa kanggo ngregani marang menungsa, marang bumi, marang segara, lan lia-liane sing kabeh kuwi wis menei manfaat kanggo menungsa. Mula mulai saiki aja ninggalake tradisi-tradisi kejawen sing akeh gunane karo sepada-pada menungsa lan kanggo ngucap syukur marang Gusti Maha Agung.

SUMBER : http://sinaubahasajawa.blogspot.com/2013/12/makna-kejawen-ing-masyarakat-jawa.html

Kamis, 01 Januari 2015

TRADISI MITONI

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.


SUMBER : http://jv.wikipedia.org/wiki/Mitoni