Rabu, 31 Desember 2014

TRADISI SEDEKAH BUMI

TRADISI JAWA (SEDEKAH BUMI)
Sedekah Bumi punika sami kalihan sedekah laut minangka wujud sangking raos puji panuwun kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejekilan gesang ingkang mulya dumateng para petani ing dusun menika. Sedekah  bumi biasanipun di pun wontenaken sasampunipun para petani panen wonten ing satunggale desa.
http://suarabanyuurip.com/data/foto/2013/04/29/15/11/2205/2205_600x600.jpg
Desa-desa ingkang biasanipun ngawontenaken sedekah bumi utawi sering dipun sebut Gas Desa menika desa-desa ingkan tasih nganut kepercayaan jawi ingkang sanget, kadosta desa-dewa ing kabupaten Rembang. Kabupaten Rembang punika salah satunggale kabupaten ingkang tasih nonjolaken budaya-budaya jawi
Biasane sedekah bumi punika saben daerah benten-benten miturut  pananggalan jawi. Tuladhanipun ing desa Nggersimo, sedekah bumi dipun wontenaken saben dinten Rebo pon, ing dusun Sawahan saben dinten Senin legi, lan saben desa kagungan dinten piambak-piambak.
Wonten umbarampe ingkang kedah dipun siapaken kiangge bancaan kadosta, jajan pasar, dumbeg, tumpeng, tape ketan, lan sanesipun. Sak sampunipun siap, umbarampe dipun betho lan dipun kumpulaken dados satunggal wonten ing panggenan ingkang biasanipun dipun anggep panggenan ingkang dados cikal bakal desa punika. Sak sampunipun dipun kumpulaken dados satunggal, lajeng di dongani lan bacaan ingkang katah wau dados rebutan warga desa ingkang wonten papan panggenan bancaan sedekah bumi punika.
Panganan Ingkang Wonten Ing Sedekah Bumi
        Jajana ingkang biasanipun di agem wonten acara sedekah bumi inggih menika;
1.     Dumbeg (bahan gelepung ketan, gula krambil, santen, di bungkus kalihan blarak aren)
2.     Pasung (bahan gelepung beras di pun kukus)
3.     Apem (bahan gelepung beras)
4.     Jadah (bahan beras ketan krambil, di dheplok)
5.     Tape ketan (bahanipun beras ketan)
Lan tasih katah jajanan ingkang wonten ing sedekah bumi. Sanesipun jajan inngih menika wonten sego tumpeng, pitik bakar wuluh, benten desa benten masakan.
     Sedekah bumi biasane dipun wontenaken hiburan-hiburan ingkang dados tujuan utama tiang jobo rawuh wonten dusun ingkang ngadaaken sedekah bumi, antarane hiburanipun inggih meniko; wayang kulit, wayang wong, ketoprak, dangdut, lan sanesipun 
 
 
 
SUMBER : http://achyar234.blogspot.com/2013/12/tradisi-jawa.html

Selasa, 30 Desember 2014

Upacara TEDHAK SITEN

TEDHAK SITEN


http://arbazena.com/wp-content/uploads/2013/06/IMG_8261.jpg

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.

Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :

1.      Pengaron sing diisi kembang setaman

2.      Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut

3.      Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:

a)      Pari sabengket

b)      Kapuk sabengket

c)      Piranti nulis

d)     Bokor kang diisi beras kuning

e)      Werna-werna jinis dhuwit

f)       Perhiasan

4.      Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan

5.      Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang

6.      Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak

7.      Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna

8.      Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

Tata Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :

                      Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

      Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.

    Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.

        Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.

          Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

    Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)

              Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.


Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

Kapetik saking:

1.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n

2.      http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html

Senin, 29 Desember 2014

Contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema lingkungan


Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Minggu, 28 Desember 2014

Arane woh-wohan lan Isine Ing Basa Jawa / Nama Buah dan isinya Dalam Basa Jawa

  1. Woh     Aren                     - jenenge   : Kolang - kaling
  2. Woh     Bengkoang           - jenenge   : Besusu
  3. Woh     Cengkeh               - jenenge   : Polong
  4. Woh     Gebang                 - jenenge   : Kranding
  5. Woh     Gembili                 - jenenge   : Katak
  6. Woh     Jati                        - jenenge   : Janggleng
  7. Woh     Kantil                    - jenenge   : Gandhek
  8. Woh     Kelor                    - jenenge   : Klentang
  9. Woh     Kesambi               - jenenge   : Kecacil
  10. Woh     Kuwek                 - jenenge   : Pocung
  11. Woh     Pandan eri            - jenenge   : Phandaga
  12. Woh     So                        - jenenge   : Mlinjo
  13. Woh     Tal                       - jenenge   : Siwalan
  14. Woh     Turi                      - jenenge   : Klentang
  15. Woh     Uwi                      - jenenge   : Katak
  16. Woh     Widara Putih         - jenenge   : Anyang 
SUMBER : http://desaweru.blogspot.com/2012/06/jenenge-woh-wohan.html

Sabtu, 27 Desember 2014

PIDATO MAULID NABI BAHASA JAWA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

    Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.
Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.
pidato maulid nabi

   
Poro rawuh ingkang minulyo!
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:
    
Ingkang artosipu
“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”
Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.
Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد
Ingkang Artosipun
“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

    Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!
Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:
     
Ingkang Artosipun
“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

    Poro rawuh ingkang minulyo!
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.
    Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
- See more at: http://www.satubahasa.com/2014/10/pidato-maulid-nabi.html#sthash.EC38fKGV.dpuf

Jumat, 26 Desember 2014

PERANG BHARATAYUDHA; Nafsu Paling Menghancurkan

NAFSU PALING MENGHANCURKAN

PRABU DRUPADA


PRABU DRUPADA yang waktu mudanya bernama Arya Sucitra, adalah putra Arya Dupara dari Hargajambangan, dan merupakan turunan ke tujuh dari Bathara Brahma. Arya Sucitra bersaudara sepupu dengan Bambang Kumbayana/Resi Durna dan menjadi saudara seperguruan sama-sama berguru pada Resi Baratmadya. Untuk mencari pengalaman hidup, Arya Sucitra pergi meninggalkan Hargajembangan, mengabdikan diri ke negara Astina kehadapan Prabu Pandudewanata. Arya Sucitra menekuni seluk beluk tata kenegaraan dan tata pemerintahan. Karena kepatuhan dan kebaktiannya kepada negara, oleh Prabu Pandu ia di jodohkan/dikawinkan dengan Dewi Gandawati, putri sulung Prabu Gandabayu dengan Dewi Gandarini dari negara Pancala. Dari perkawinan tersebut ia memperoleh tiga orang putra masing-masing bernama; Dewi Drupadi, Dewi Srikandi dan Arya Drestadyumna. Ketika Prabu Gandabayu mangkat, dan berputra mahkota Arya Gandamana menolak menjadi raja, Arya Sucitra dinobatkan menjadi raja Pancala dengan gelar Prabu Drupada. Dalam masa kekuasaanya, Prabu Drupada berselisih dengan Resi Durna, dan separo dari wilayah negara Pancala direbut secara paksa melalui peperangan oleh Resi Durna dengan bantuan anak-anak Pandawa dan Kurawa. Di dalam perang besar Bharatayuda, Prabu Drupada tampil sebagai senapati perang Pandawa. Ia gugur melawan Resi Durna terkena panah Cundamanik.


RESI DURNA


RESI DURNA yang waktu mudanya bernama Bambang Kumbayana adalah putra Resi Baratmadya dari Hargajembangan dengan Dewi Kumbini. Resi Durna mempunyai saudara seayah seibu bernama: Arya Kumbayaka dan Dewi Kumbayani. Resi Durna berwatak; tinggi hati, sombong, congkak, bengis, banyak bicaranya, tetapi kecakapan, kecerdikan, kepandaian dan kesaktiannnya luar biasa serta sangat mahir dalam siasat perang. Karena kesaktian dan kemahirannya dalam olah keprajuritan, Resi Durna dipercaya menjadi guru anak-anak Pandawa dan Kurawa. Resi Durna mempunyai pusaka sakti berwujud keris bernama Cundamanik dan panah Sangkali (diberikan kepada Arjuna). Resi Durna menikah dengan Dewi Krepi, putri Prabu Purungaji, raja negara Tempuru, dan memperoleh seorang putra bernama Bambang Aswatama. Resi Durna berhasil mendirikan padepokan Sokalima setelah berhasil merebut hampir setengah wilayah negara Pancala dari kekuasaan Prabu Drupada. Dalam peran Bharatayuda Resi Durna diangkat menjadi Senapati Agung Kurawa, setelah gugurnya Resi Bisma. Resi Durna sangat mahir dalam siasat perang dan selalu tepat menentukan gelar perang. Resi Durna gugur di medan pertempuran oleh tebasan pedang Drestajumena, putra Prabu Drupada, yang memenggal putus kepalanya. Konon kematian Resi Durna akibat dendam Prabu Ekalaya raja negara Paranggelung yang arwahnya menyatu dalam tubuh Drestajumena.

Pelajaran Berharga ;
  1. Sapa sing nggawe mesthi nganggo”, siapa menanam mengetam ngundhuh wohing pakarti”. Perbuatan jahat pada orang lain akan menjadi bumerang, kembali membuat malapetaka pada diri sendiri. Tampaknya nukilan dari falsafah hidup Kejawen ini merupakan rumus alam (baca; kodrat alam/kodrat Tuhan). Bagaimanapun Durna sudah pernah merebut separoh wilayah kekuasaan dan membunuh Prabu Drupada. Maka kematian Resi Durna berada di tangan sang Drestajumena yakni putra Prabu Drupada sendiri.   Sebenarnya Drestajumena secara kalkulasi tidak akan mungkin mengalahkan Resi Durna, karena kesaktiannya belum ada apa-apanya jika dibanding Resi Durna. Namun Hyang Widhi telah memenuhi rumus “sapa nggawe nganggo dan ngunduh wohing pakarti” apapun jalannya Resi Durna mati di tangan Drestajumena setelah tubuhnya dirasuki roh Prabu Ekalaya. Sudah menjadi kodrat alam, malapetaka (wohing pakarti) datang menimpa diri sendiri, tidak mesti dari pihak korban atau orang yang dijahati, namun bisa datang dari pihak lainnya lagi.
  2. Resi Durna sebagai figur yang memiliki watak dualisme, atau berkepribadian ganda. Di satu sisi ia membuat huru-hara, di sisi lain mendidik para kesatria Pandawa dari tlatah kebenaran. Namun ia akhirnya mati “ngunduh wohing pakarti” alias karena ulahnya sendiri.
  3. Ilmu ibarat pisau bermata dua, dapat dimanfaatkan untuk kebaikan maupun kejahatan tergantung manusianya.
  4. Resi Durna dengan Prabu Drupada adalah saudara sepupu yang dahulu bernaung dalam satu perguruan, namun Prabu Drupada memanfaatkan ilmunya untuk kebaikan (amr ma’ruf nahi mungkar) sementara Resi Durna lebih banyak memanfaatkannya untuk keburukan dan membela kekuatan jahat.
  5. Dalam peperangan fisik semisal Perang Bharata Yudha, dalam konteks riil ambil contoh antara Yahudi dan Palestina, merupakan perang saudara yang memperebutkan wilayah atau daerah kekuasaan sebagaimana dalam cerita perang Baratayudha antara senopati perang Drupada melawan senopati perang Durna.
  6. Sebagai peringatan kepada umat manusia untuk berhati-hati terhadap 3 macam nafsu negatif paling berbahaya yang dapat menghancurkan hubungan tali persaudaraan baik dalam hubungan internal keluarga, pertemanan atau pergaulan,  berbangsa dan bernegara yakni ;  nafsu cari benarnya sendiri, nafsu keinginan berkuasa, dan nafsu penguasaan harta (warisan). Terutama terhadap orang-orang terdekat masih saudara sendiri. Jika terjadi perang (saudara) akan menjadi perang yang sangat keji dan kejam. Terlebih lagi perang tersebut diwarnai dalih membela kebenaran, antara kekuatan “putih” dan “hitam. Akibatnya adalah kehancuran dahsyat. Semoga contoh di atas dapat meningkatkan kesadaran kita semua, untuk tetap bersatu dalam tali rasa yang satu, satu kebangsaan, satu bumi pertiwi, satu bahasa. Sehingga bangsa ini terhindar dari kehancuran, sebaliknya meraih kejayaannya kembali. Kita dapat mengambil contoh peristiwa holocausetnis cleansing, pembantaian massal di Kamboja, peristiwa G 30 S, Yahudi-Palestina. By: sabdalangit

Kamis, 25 Desember 2014

WACANA NARASI, DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, PERSUASI

WACANA NARASI, DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, PERSUASI

A. WACAN NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya – kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen – angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Tuladhane ;
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
“Sês, Pak Guru!?” Nardi nawani rókók.
“Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!” sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
“Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé…! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni.”
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh….ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
“Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó… mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé…préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?” sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
“Ora orané…, rêzêki sing ngatúr Gústi Allah…, rêzêki ora mungkín klèru!” sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
“Wah nèk ngono kuwi kétók guruné…” suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå isíh kuliah…rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan pêgawé.
Dinå kang ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh…. Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman…. Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Tanpå kélangan dhuwit…. Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN…. Lha wóng dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå waé ngingóni wóng lémpóh…. Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêré Parjó…. blóng…. ora ånå. Taún kapíng loro yå hasilé pådå waé…. Taún kapíng têlu, papat, limå…. Sami mawón…. Mupús.
Rikålå ngancík taún kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wís ngancík jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
“Ééé…. Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak,” Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå mampir nèng omahé.
“Kowé gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh. Níng kåyå biasané. Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!” sêmauré Parimín karo ngangkat jêmpól.
“Têrús pira?” Parjó nyaút kanti cêkak.
“Sak iki pasarané têkan séwidak!”
Blaik…. Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi yå dhuwít kabèh?!” Parjo sêmaúr karo njêgègès.
“Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan,” Parimín sajak anyêl.
“Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?” pitakoné Parjó kåyå udan.
“Ora mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. Umpåmå nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis kêtampå… pinångkå ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!”
“Kuwi alias ya mbayar…. Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!” Parjó nyaút gunémané Parimín.
“Ya! sak karêpmu síng ngarani!” Parimín rådå anyêl.
Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp fantastik kanggoné Parjó. Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané Parimín.
Wis têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé pårå guru síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng pêngabdian lan umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó ditêtêpaké ditåmpå dadi CPNS. Nangíng ora ngêrti åpå mêrgå bantuan åpå mêrgå liyané, amargå rikålå kabèh kåncå-kancané sak angkatan ditakóni ora ånå síng nganggo dhuwít babar blas.
Parjó kêtampa kanthi råså sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå susah. Sênêngé mêrgå síng diidham-idhamaké pitúng tahún wís kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang tanggané síng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók warisan såkå mårå tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. Nangíng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
“Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora dioyak-oyak utang.” Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikålå ånå wartå ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå oknum PNS nåmpå sógókan ditangkêp polisi amargå apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå såkå dhèwèké.
“Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh…. Ngalamún waé!” Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
“Éh…. iyå… iyå…, lho kók yah méné wís mulíh, Sar?” Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
“Anu Pak guru…. Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji,” suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
“Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?”
“Êhmmm….” Sartónó ora biså njawab.
::Déning: P Dasihanto FD::
Sumber : Jagad Jawa – Solopos
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen – angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.
B. WACAN DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya – kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku – buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Museum Diponegoro
Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Keterangan :
Wacana di atas menggambarkan tentang barang-barabg milik pangeran Diponegara yang disimpan di Museum Diponegara, barang yang disimpan antara lain : baju yang tingginya 1,57 meter dan lebarnya 1,35 meter, yang terbuat dari kain Santhung, serta terdapat kitab Tharib, balai untuk sholat, 7 cangkir, dan masih banyak yang lainnya.
C. WACANA EKSPOSISI (NYERITAKAKE PROSES)
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana elsposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah – langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladha
Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara’ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki dinyala’ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo’ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo’ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: wacana diatas merupakan ekposisi dapat dilihat dari adanya penjeklasan yang merupakan kata kunci dari wacana eksposisi. Paragraf diatas menjelaskan tentang upacara mendhem ari-ari disitu dijelaskan tentang makna istilah mendhem ari-ari dan juga tata urutan upacara. Dijelaskan pula simbol-simbol yang ada dalam upacara adat tersebut.
Gedhang
golèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: paragraf diatas termasuk wacana ekposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan juga jenisnya.
D. WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladha :
BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.
E. WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep – arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.

Sumber: http://kangsura.blogspot.com/2009/01/wacana-narasi-diskripsi-eksposisi.html
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

PANGRIPTA

NO. PANGRIPTA IRAH-IRAHANE BUKU TAHUN PANULISAN
1. Mpu Kanwa Arjunawiwaha 1028-1035
2. Mpu Panuluh dan Mpu Sedah Hariwangsa Baratayuda
Gathutkacasraya
Kresnayana
1135-1157
3. Mpu Dharmaja Smaradahana Sumanasantaka 1185 1126
4. Mpu Tantular Arjunawijaya Sutasoma 1365-1389
5. Mpu Tanakung Lubdhaka 1447-1473
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

NYEMAK CRITA WAYANG

Sakjrone crita wayang ana pasinaon kang isa kajupuk amarga wayang iku perlambange manungsa. Barang-barang kang dinggo pentas wayang nduweni perlambang kaya:
  1. Wayang pralambange manungsa
  2. Kelir pralambange langit
  3. Debog pralambange bumi
  4. Blencong pralambange srengenge, rembulan, lintang
  5. Gamelan pralambange kabutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan)
  6. Kothak pralambange sangkan paran
  7. Gunungan pralambange urip
  8. Cempala pralambange jantung
  9. Kepyak pralambange lakune getih
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

PERIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA

Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok lan ajeg panganggone sarta nduweni teges wantah.
Tuladha:
Arebut balung tanpa sungsum = padudon sing disebabake barang sepele.
Kenes ora ethes = wong wadon sing sugih omong/umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
Yitna yuwana lena kena = sing ngati-ati bakal slamet suwalike sing sembrana bakal cilaka.

Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa.
Tuladha:
Kerot ora duwe untu = darbe panjangka nanging ora nduwe sarana.
Nabok nyilih tangan = namakake panggawe ala sarana nggunakake tangane wong liya.
Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ing panggonan sing wus tentrem.

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.
Tuladha:
Belo melu seton = anut grubyuk sanajan ora ngerti dhodok selehe.
Kemladeyan ngejak sempal = sedulur ngajak marang karusakan.
Tengu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

NULIS PARAGRAF ARGUMENTASI BABAGAN DRAMA

Wacan argumentasi yaiku tulisan kang nduweni alesan kang logis supaya kang maca isa percaya babagan isine wacan. Wacana argumentasi isa kadadeyan saka pamikiran pangripta utawa adhedasar pawarta, naskah drama kang wus sumedya.  Gatekna naskah drama ing ngisor iki!
Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi                      : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono                      : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi                      : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono                      : Dolan nyandi lho ?
Sardi                      : Yo emboh… Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho…
Jono                      : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi                      : Hehehe, ora-ora.
Jono                      : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi                      : Halah, kuwi dirembug engko ae… Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono                      : Oke-oke…. Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman                    : He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Deni                       : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi…
Parman                   : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni                       : Omahe sopo ?
Parman                   : Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
Deni                       : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho…
Parman                   : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni                       : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman                   : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Deni                       : Oke bos…..
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni                       : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman                   : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni                       : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman                   : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni                       : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman                   : Gampang, yo uwis  ndang muliho.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman                     : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni                         : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman                    : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni                       : Halah kemiso, jajal piye….
Parman                   : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni                       : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho…
Parman                   : Sing penting lagu daerah lho…
Deni                       : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman                   : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni                       : (Main gitar)
Parman                   : Lha kuwi opo ora yo lagu pop…. hahaha
Deni                       : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman                   : Kene lek ngono aku ae.
Deni                       : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman                   : (Nyanyi karo Deni)
Deni                       : Haha, apik kuwi… yo uwis nggae kuwi ae…
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono                      : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
       piye ?
Deni lan Parman    : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi                 : Heladalah, iki tenanan lho…
Parman                 : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi                 : Nyapo aku sing kok takoni….
Parman                 : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi…
Supardi                 : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman                  : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru               : He he, enek opo iki ?
Deni                       : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru               : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono                      : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru               : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni                       : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru               : Lha kwi kowe ora teko…
Jono                      : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru               : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman                  : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni                       : Lho yo jelas lah, sopo disek…
Parman                  : Di, Jon, nyapo meneng ae ki…. wis berhasil lho
Sardi                      : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman                  : Halah, ora opo-opo…. Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru               : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi                      : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono                      : Kula nggih, Pak.
Pak Guru               : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
Sumber Drama: http://ceritadantipskeren.blogspot.com/2013/04/naskah-drama-bahasa-jawa-tentang.html#ixzz2qLoB8VFE
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

NYEMAK TANGGAP WACANA BABAGAN BUDAYA JAWA

Kemampuan nyemak iku bisa dilatih kanthi kerep ngrungokake ceramah, supaya bisa urut inti utawa pokok ceramah sing dirungokake catheten dhisik underane ceramah.
Kang perlu digatekake nalika nyemak ceramah yaiku:
  1. Ngerti kanthi cetha babagan kang disampekake.
  2. Isa mbedakake informasi kang penting lan ora penting.
  3. Nyathet informasi sing bener lan premati.
Menawa wus nyemak ceramah kita bisa gawe kesimpulan. Kesimpulan yaiku rumusan cekak saka loro utawa luwih pernyataan kang nduweni hubungan. Nyimpulke isi ceramah tegese nanggepi apa kang kapacak ing pwarta.
Nalika menehi tanggepan marang ceramah sampeyan bisa ngandharake sarujuk utawa ora sarujuk. Perangan kang kudu digatekake nalika menehi tanggepan yaiku:
  1. Tanggepan iku sakmestine disampekake nganggo ukara kang cekak.
  2. Babagan kang ditanggepi kudu cetha.
  3. Tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni.
  4. Tanggepan kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi bukti lan fakta kang ana gandheng cenenge karo pawarta.
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

MICARA BABAGAN BUDAYA JAWA ING FORUM SARASEHAN

Menawa karep gladhen micara kanthi pener diajab kita bisa lanyah anggone micara ing ngendi wae lan karo sapa bae. Ketrampilan iku mokal kelakon tanpa latihan, menawa isin lan wedi salah marai ora bakal isa micara. Gladhen kang gampang yaiku nyritakake maneh gancaran kang diwaca utawa cerita kang dirungokake. Carane supaya gampang yaiku:
  1. Gatekna kanthi premati wacan iku.
  2. Aja gawe simpulan dhewe bab crita kuwi.
  3. Menawa wus rampung diwaca kabeh kanthi tutug lagi gladhi nyritakake maneh.
  4. Critane urutna saka ngarep nganti mburi.
  5. Menawa diwolak-walik marai binggung kaya crita uga kang ngrungokake.
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 14, 2014 in Materi SMA
 

WANGSALAN

Wangsalan yaiku unen-unen kang surasane memper(kaya) cangkriman, nanging batangane wis disebutake pisan sanajan mung sinandi(ora diblakakake)
Tuladha:
  1. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Roning mlinjo: godhong mlinjo=so;ngaso
  1. Jenang gula ya ndhuk, kowe aja lali.
Jenang gula: glali(lali)
  1. Njanur gunung mas, kadingaren malem minggu dolan mrene!
Janur gunung: aren(kadingaren)
  1. Jenang sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten lepat kawula.
Jenang sela(watu): apu(apuranta)
  1. Wah mbok ora ngeyong kali, ngece. Ngeyong kali (ece)
  2. Lagi nggodhong gedhang garing(klaras) kang. Lagi nglaras wedangan nasgithel sinambi ngrungokake campursari.
  3. Kethek putih(Anoman), wong anom aja wedi kangelan.
  4. Yen lagi ana wong tuwa ngendikan kuwi aja nglemah bengkah(tela) mundhak saru, senengane nyela-nyela.

Wangsalan sinawung ing tembang.
PANGKUR
Jirak pindha munggwing wana,
Sayeng kaga, we rekta kang muroni,
Nyenyambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Baon saben ing nawala kinarya langen pribadi.
Jirak pindha munggwing wana: kesambi
Sayeng kaga:kala
We rekta kang muroni: anggur
Wastra tumrap mustaka: iket
Baon sabin ing nawala: karya

WANGSALAN ING PACELATHON
Pacelathon 1
Ajeng : lha kok njanur gunung kuwe tekan kene ?
Arip : mau seko ngeterke adikku latihan, mampir sisan
Ajeng : oalah, adikmu latuhan opo ?
Arip : latihan gamelan ing sekolahanne
Pacelathon 2
Ridho : ono opo yu kuwe tekan kene ?
Ayu : aku mung pengen nggentha dara kuwe
Ridho : hah ? Opo kuwi tegese nggentha dara ?
Ayu : mosok kuwe ora reti ? Iku lo, aku mung pengen nyawang kuwe
Ridho : oalah, kuwe kangen yo karo aku ? Haha
Ayu : ih, ogah ya do !!
Pacelathon 3
Parno : seko ngendi wae to kuwe kuwi ?
Anake : saking main ps pak
Parno : dienteni kawit mau ora bali-bali
Anake : kulo nyuwun sewu pak, wonten nopo pak ?
Parno : sing ngenteni nganti nyaron bumbung ngenge
Pacelathon 4
Sugeng : ijek ileng karo aku rak jeng ?
Ajeng : aku pernah nyawang kuwe ? Sopo ya ?
Sugeng : aku kancamu TK biyen, kelingan rak ?
Ajeng : oalah, Sugeng aku dadi mandhan rawa karo kuwe
Pacelathon 5
Sujiwo : mbak nek antri sing rapi mbak
Ani : mriku sinten ? Kulo mbonten kenal
Sujiwo : yo maksute ojo nglemah bengkah mbak
Ani : inggih pak, kulo nyuwun sewu pak
sumber:
http://bagusaraaf.blogspot.com/2012/03/contoh-wangsalan.html
https://trianjarpriyanta.wordpress.com/2012/10/18/materi-wangsalan/
 
Tinggalkan komentar Ditulis oleh pada Januari 9, 2014 in Materi SMP
 

TEMBUNG SAROJA

Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese
dianggo bebarenga. Tuladha:
a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.
b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake
akal budi.
Tuladha tembung saroja liyane:
iguh pretikel
lila legawa
jejel riyel
gemi setiti
bagas waras
mubeng minger
tata krama
babak bundhas.
edi peni
gilir gumanti
gandhes luwes
ewuh pakewuh
grapyak semanak
madhep manteb

Sumber: http://trianjarpriyanta.wordpress.com/2013/01/10/materi-kelas-vii-sem-ii-th-pelajaran-20122013/