Jam 22.30. Inyong wis ora kongang nyagak mata. Karepe egin kepingin
nerusna nonton pilem barat neng tipi. Mbangane keturon neng lincak
plupuh empring, inyong mlebu senthong mapan turu.
Nembe baen slonjor, sekang arah mburi ngumah ijig-ijig keprungu swara
radio disetel, swarane kemresek presis kaya glombang MW kaya jaman
aganu. Banjur keprungu swara wong wadom enom nyeluk-nyeluk inyong, “Par
Gopar, Par Gopar,” lha wong ana swara nyeluk-nyeluk kaya kuwe ya nyong
semaur, “Apa.”
Swara wong wadon kuwe njur keprungu maning, inyong ya semaur maning,
“Apa Yung?” tek pikir-pikir koh kayong swarane biyunge agi nyeluk-nyeluk
inyong. Gagean mlayu sipat kuping mlebu senthonge biyunge, jebule
biyunge agi turu karo bapane, gole ngorok mantep pisan.
Inyong nembeke emut, kuwe dudu swarane biyunge. Swarane sapa maning
nek dudu swarane lelembut? Inyong mrinding, wulu kalong neng nggithok
njegrig. Banjur nyebut asmane Gusti Allah, “Astaghfirullahal’azhim,”
Gagean inyong nylingkrig ngambene biyunge, turu neng tengah-tengahe bapane kambi biyunge. Biyunge dadi tangi.
“Ana apa Par? Wis wengi koh ndadak pecicilan?”
“Lha genah nembe krungu swara wong wadon nyeluk-nyeluk koh, nyong ya semaur.”
“Jebule swarane sapa?”
“Genah ana swarane ora nana wonge koh.”
“Hush…kowe ya luput. Dhonge toil aja semaur, kuwe swara setan. Ngerti
swara kaya kuwe disemauri. Mulane angger garep mapan turu maca donga
aring Gusti Allah ndhisit, paling sethithik maca Al Faete’ah ping telu,”
inyong malah diomeih biyunge.
“Inyong ya ora luput ya. Sapa ngira nek kuwe dudu swara menungsa?”
Bar kuwe, let telung wulan swara sing presis keprungu maning.
Sedurunge keprungu uga dewiwiti swara ngosos kaya glombang radio
transistor sing nganggo glombang MW.
“Sssssss….. Par … Gopar…. Ssssss Par … Gopar.”
Merga wis ngerti dudu swara menungsa, nyong babar plothas ora
nggople. Malah, arah asal swara kuwe tek pendeliki. Nyong ora mrinding
sethithik-sethithik acan. Selot suwe swarane ilang karepe dhewek.
Let setahun bar kuwe, eh .. delepen swara kuwe keprungu maning.
Wiwitane ya presis kaya sing ndhisit, ana swara ngosose. Nyong uga ora
nggople aring swara kuwe.
Seploke kadadian kuwe, seprana-seprene wis ana setaun. Swara kuwe wis
ora tau keprungu maning. Inyong wis klalen karo kedadean kuwe, uga wis
ora tau nggagas babar pisan.
**
Biyunge nembe bae bali kumpulan dasa wisma. Dheweke nyritakna dopokane kambi Mbok Dakem.
“Par, mau inyong ngetuprus kambi Mbok Dakem. Dheweke nyritakna anak
wadone sing bola-bali diparani wong wadon enom ayu blesteran Landa,
jenenge Maria.”
“Lha bocah wadon kuwe anu batir sekolahe apa Yung?”
“Dudu.”
“Lha sapa?” inyong penasaran.
“Engko dhimin, mulane aja cokan nrombol wong tua agi crita,” matane biyunge rada mendelik.
“Lha terus keprimen?”
“Lha mulane meneng. Critane garep diterusna apa ora?” biyunge mutung..
“Ya terusna koh!”
“Pas diparani, Sajem dopokan karo wong wadon enom blesteran Landa,
jenenge Maria. Jere, aganu Maria dirudapaksa karo wong lanang jahat.
Merga sing ngrudapaksa anu kenal, Maria dadi dipateni. Mayite diguang
aring pereng mburi umahe Kaki Sanmiarja.”
Inyong mrinding ngrungokna critane biyunge.
“Lha kuwe Sajem gole diparani Maria anu temenan apa kur neng impen?
“Jere biyunge sih kanan-kanane anu kayong ngimpi, kayong ora.”
“Yung, inyong koh dadi kemutan karo swara wong wadon sing aganu
nyeluk-nyeluk nganti ping telu, swara sing keprungu angger inyong garep
mapan turu. Aja-aja, kuwe swarane Maria ya Yung?”
“Genah iya koh. Nyong be nduwe pikiran kaya kuwe,” semaurane biyunge.
Miturut inyong karo biyune, ora nana sing jere wong mati ngeton
maning. Jere guru agamane inyong jaman egin sekolah, kuwe anu setan sing
mujud menungsa.
Merga nduwe rasa penasaran aring critane biyunge, inyong dadi ora
sranta kepingin nemoni Sajem, kepingin krungu aring wong sing nduwe
crita. Sekang kaca mbalene, Sajem keton agi nonton acara inpotaimen neng
tipi.
“Ana apa Par, kayonge koh kedhagar-dhagar nemen gole ngeneh,” pitakonane Sajem.
“Genah inyong bar dicritane biyunge koh. Jere ko sering ditemoni wong
wadon enom blesteran Landa jenenge Maria? Deneng kawit gemiyen koh aora
tau kandhahan. Kuwe anu keprimen?”
“Genah iya koh Kang. Ya pokoke kayong ngimpi, kayong ora,.” omonge Sajem.
“Lha keprimen sih critane? Nyong koh penasaran banget.”
“Gole diparani angger nembe ngliyeb turu. Kanan-kanane inyong dopokan
kambi Maria. Dheweke ngaru-ara kambi nangis mewek-mewek, rikala agi
dus-dusan neng kali Wedhus mburi umahe Kaki Sanmiarja, dheweke diperkosa
neng tentara Landa, banjur depateni. Mayite dipendhem neng ngisor wit
ringin pereng kali.”
“O, dadi kaya kuwe critane. Lha angger dheweke garep nekani kowe keprimen?”
“Rika kemutan jamane radio egin transistor? Pokoke swarane dibarengi swara ngosos kaya golombang radio MW.”
Krungu critane Sajem, githoke inyong dadi mrekinding disco.”
“Lha deneng sih debarengi swara kemrosos kaya sawara glombang radio
MW? Inyong apa ora sih, tek etung-etung ana ping telu ketekan swara kaya
kuwe. Sedurunge ya kemresek, banjur keprungu swara wong wadon enom
nangis mingsek-mingsek kambi nyeluk-nyeluk inyong.”
“Hah, rika ya ditekani? Lha kuwe anu neng impen apa temenan?
“Genah iya koh. Anu temenan, ningen kur krungu swarane.”
Lha rika semaur apa ora?” Sajem takon.
“Lha ya semaur, sapa ngira kuwe dudu swara menungsa. Ningen, sing kepindo karo ketelu nyong wis ora semaur.”
“Aja-aja kuwe swarane Maria ya?” Sajem nyocogna.
“Genah iya koh, nyong ya nduwe pengira-ira sing kaya kuwe. Mulane inyong gagean ngeneh. Ndean kuwe pancen swarane Maria, Jem.”
Inyong karo Sajem dadi njekethet-njekethet.
“Pancen Jem, jerene wong tua-an, pereng kali Wedhus sing presis mburi
umahe Kaki Sanmiarja kae pancen angker, ana kunthine. Inyong ngger anu
be cokan krungu wong wadon ngguyu cekikikan.”
“Gole ngguyu keprimen jajal?” Sajem takon.
“Ya kaya kae, antara ngguyune menungsa wadon enom karo swara walang kerik lagi ngerik, kik ki kik kik kik …” wangsulane inyong.
“Seh, deneng sih presis karo pengrungone inyong ya?”
Wulu kalong sing neng githok njegrig maning.
“Jem, kanan kanane, Maria kuwe wujude kayangapa?” inyong takon.
“Wujude ayu pisan koh, kaya artis sinetron. Anggon-anggone senenge
srawa putih. Kulite pitih resik, irunge mbangir mincis-mincis, dedege
dhuwur, rambute lurus dirembyak segeger.”
“Lha ngger nyeluk-nyeluk inyong ndean ya anu garep wadul ya Jem,” jere inyong.
“Iya kuwe, rika anu garep nggo jugang pawuan.”
“Ora usah digople kuwe Jem. Kuwe tuli anu setan sing agi mujud
menungsa. Ora kajat, nek ana wong sing wis mati koh teyeng meruih
menungsa.”
“Iya pancen, Kang Gopar.”
Mbengi kuwe, kebeneran pas malem minggu. Inyong kambi Sajem mlipir
perenge kali Wedhus sing presis mburine Kaki Sanmiarja. Rekane garep
nguji nyali nggoleti Maria. Inyong jane ora wedi, ningen ethok-etohoke
wedi, ben teyeng ndhempel pundhake Sajem karo ngremed tangane.
Neng perenge kali Wedhus, prsesise neng ngisor wit ringin, mbengi
kuwe inyong dadian karo Sajem. Inyong janji nek gelem ngiyomi uripe
Sajem, uga kandhah nek garep nglamar pas wulan besar, inyong uga janji
garep nggolet gawean apa baen, sing penting khalal, dadi kuli tagog ya
gelem. Uga, inyong janji garep mareni nenggak gepengan.
“Ya age-age baen nggolet gawean Kang, ben gagean teyeng ijab”
“Beres Jem.”
Sajem ora nolak, karo apa sing tek kandhahna. Adhuh, inyong bungahe
jan. Rembulan sing agi njedhul sethithik-sethithik nginggeng rikala agep
ngambung lambene Sajem. Jebule, Maria uga ora gelem kalah karo
rembulan. Dheweke uga melu nginggeng sekang ngisor wit so karo ngguyu
cekikikan. Kik kik kik kk kik …. inyong dadi wurung. Asem, Maria
ngriwugi lho.
Yogya, wulan ngampret 2005
(Matur nuwun Kang Hari kanggo ijin ‘pemuatane’, lan muga-muga cepet dadi buku. Amien)
Sumber : http://banyumasnews.com/8374/maria-cerita-cekak-banyumasan/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar