Kamis, 11 Desember 2014

BEGALAN BANYUMASAN

Begalan ialah seni tutur tradisional sing dipadu karo seni tari sebagai sarana pelengkap nang upacara pernikahan, pas dong rombongan penganten lanang melebu nang pelataran penganten wadon. Perangkate ialah peralatan dapur sebagai gawan sing masing-masing nduwe makna-makna simbolis sesuai falsafah Jawa, misale ilir, ian, cething, kukusan, saringan ampas, tampah, sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring.

Seni tutur Begalan kiye isine nasihet-nasihat kanggo kedua mempelai kanggo ngarungi kehidupan omah tanggane, juga kadang dibumboni glewehan-glewehan soal hubungan lanang-wadon. Kesenian kiye diiring musik Gendingan.
Nang falsafah wong Jawa mBanyumasan, sing dibegal kuwe dudu hartane, ning Bajang Sawane kaki penganten nini penganten.
Jumlah penari 2 (lanang tur sedulur pancer lanang manten lanang), sing siji tugase nggawa peralatan dapur, sijine maning sebagai pembegal.
Biasane bar pertunjukan, peralatan dapur sing digawa kuwe diwehna kanggo rebutan penonton.
(SUMBER : https://banyumasculture.wordpress.com/category/begalan/)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar