Tuladha Atur Pasrah Lamaran
Assalamu'alikum Wr.Wb.
panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha
kinabekten,punapa dene pengjenenganipun panjenenganipun kakung sumawana
putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami
Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng
gusti,"mugi rahayuha sagung dumadi",tansah kajiwa lan kasalira
dhumateng panjenengan sadaya hangkuberana dhumateng kawula
Amit oasang aliman tabik,mugi tinebihna ing iladuni myang tulak
sarik,dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan
panjenengan inngkang katemben wawan pangandikan,inggih awratipun
hamestuti jejibahan luhur kula pinji. Minangka duta saraya sulih sarira
saking panjenenganipun Bp............sekalihan
panjenenganipun Bp........sekalihan garwa(ingkang mengku gati) ingkang
pantes katuran sangunging pakurmatan,kula pinangka sulih sarira saking
panjenengenipun Bp........sekalihan,ingkang sepisan;ngaturakeun salam
taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan,sumarambah para kulawarga
samudayanipun.
Jangkep kaping kalih;ing nguni sampun wonten pirembagan,ingantawisipun
Bp.......... sekalihan,hanggadhahi putra kakung kekasihpun
Bg.........kaliyan Bp.........sekalihan garwa (lingkang mengku
gati)hanggadhahi kenya sesilih Rr.........
Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging
arenggang,bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar
ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karena
sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta,rasa
miwah karsa,ingkang punika saking angenging manah panjenengenipun
Bp......... sekalihan,anggeniupn katampi panglamaripun pramila inng
kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping
tatacara salaki rabi
Weondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih pnika;
sanggan,saha majemuk ingkang sampun wonten wujudpun,kanthi pangajabing
sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwahb rake ting
kekadangan,saengga mboten sa'aged pisah lami-laminipun.
kasoking katresna Bp......... sekalihan garwa,ing mriki badhe ngaturaken
malih ingkang awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun
badhe/calon panganten putri.
Mboten kakilapan Bp...................sekalihan ngaturaken redana
wujudpun art,keinginga darnel ngentheng-enthengi anggenipun
Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati)netepi darmaning
sepuh harmiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika panyuwunipun
Bp.........sekalihan,ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci
tumapaking gati,mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut
satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten
ing mriki.
Minangka pungkasening atur,hambok bilih Bp...........sekalihan
anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten
kakirangannipun,mawantu-wantu nyuwun angenging samodra
pangaksamisumamnten ugi kula minangka sulih sarira saking
panjenengenipun Bp..........sekalihan,menawi wonte gonyak ganyuking
wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami,kawula nyuwn sihing
samodra pangaksami.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikun Wr.Wb.
(Sumber : http://www.blogmamen.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar