Minggu, 07 Desember 2014

Unggah ungguh basa jawa lan tuladhane

UNGGAH-UNGGUH BASA
1. NGOKO LUGU
   a. Paugeran ngoko lugu
       Basa ngoko lugu iku ukarane dumadi saka tembung ngoko kabeh. Dene gunane kanggo nelakake rasa  
rumaket jalaran sing rembungan wis padha dene kulina, mula ora kanthi kurmat-kinurmatan.
 
   b. Panganggone basa ngoko lugu mangkene:
      a. Kanggo rerembungan bocah karo bocah .
      b. Kanggo rerembungan wong tua kang wis banget, ora nganggo rasa kurmat-kinurmatan.
      c. Panggandikane wong tuwa marang bocah.
      d. Kanggo ngudarasa, grenengan dhewe
 
   Tuladha panganggone basa Ngoko lugu ing rembungan bocah karo bocah:
   Idha       : Ning, kowe mangko ana omah apa ora?
   Nining    : Ana apa ta?
   Idha       : Aku kepingin dolan menyang omahmu. Aku mau nggarap nggarap matematika ora pati bisa,        warahana ya?!
   Nining    : Iya, mengko bae jam pira dha?
   Idha       : Rada sore, kira–kira jam 4.
   Nining    : Iya tak enteni.

2. NGOKO ALUS
   a. Paugeran Ngoko Alus
      Basa ngoko alus kuwi basa kang ukarane dumadi saka tembung ngoko kecampuran krama inggil utawa andhap. Tembung ngoko nelakake rasa rumaket, dene krama inggil nelakake rasa ngejeni. Mula basa ngoko alus bisa nggambarake suwasana pasrawungan kang rumaket nanging isih tetep ngajeni.
 
   b. Mungguh panganggone basa ngoko alus mau mangkene:
      1. Kanggo rerembugan wong tuwa karo wong tuwa kang wis padha kulina nanging isih ngajeni.
      2. Kanggo rerembugan wong tuwa marang wong kang luwih nom nanging ngajeni.
      3. Kanggo rerembugan wong nom karo wong nom kang padha dene ngajeni.
      4. Kanggo rerembugan anak marang wong tuwa (saperangan, ing jaman saiki).

   c. Tuladha Ukara-ukara Nganggo Basa Ngoko Alus
      1. Ibu caos pangandikan marang bapak, “Pak, yen ngersakake dhahar, wis daktata ana meja”.
      2. “Mas, yen ngersakake tindak menyang Museum Mpu Tantular, mengko tak dherekake”, ature Mbak  Sasi.
      3. Mbak Rita nyuwun prisa ibune, “Ibu apa gerah kok aras-arasen?”
      4. Dhik Tito matur Bapak karo nglucu, “Pak, aku nyuwun jajan!”
      5. “Dhik kondur panjenengan mau jam pira?”, ngendikane Mas Pras marang Yunani.


3. BASA KRAMA LUGU  
    Basa Krama Lugu yaiku basa kang tetembungane krama kabeh tanpa kecampuran karo tembung krama inggil.
   Dene gunane tembung basa krama lugu iku dienggo guneman  dening:
   a. wong enom marang wong tuwa
   b. wong sing lagi tetepungan anyar
   c. murid marang gurune
   d. abdi marang bendarane

   Tuladha:
   a. Menawi sampeyan purun tumbas reginipun inggih mekaten punika!
   b. Kula inggih mboten badhe meksa menawi sampeyan mboten purun tumut Pak Dhe.

4. BASA KRAMA ALUS  
    Basa Krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan, nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe ora dikramakake.
   Dene gunane tembung basa krama alus iku yaiku:
   a. anak marang wong tuwa
   b. murid marang guru
   c. wong enom marang wong tuwa
   d. wong kang lagi tetepungan

   Tuladha:
   a. panjenengan punapa sios tindak dhateng Malang?
   b. Pak guru dhaeuh, menawi benjing kelas VII A ulangan basa jawi.


(Sumber : http://www.kelasjawa.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar