Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat
Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis
pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten
putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi
pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten
putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa
kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut
dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung
neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua
utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip
calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa
tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal
pesta penganten.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon
penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan
dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah
sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman
ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur
sedulur liyane uga pemaes.
Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari
neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge
acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo
aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama,
penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore
nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing
ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah,
kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake
uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan
liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku
duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta
penganten.
Ijab kabul
Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih,
ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng
prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku
penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu
nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang,
Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang.
Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung
jawab mring keluarga.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri,
minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho
besan.
Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di
kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang
pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang
diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna
upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis
rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima
ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.
sUMBER : http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/02/panganten-adat-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar