Rabu, 10 Desember 2014

RITUAL WAROK



Desa Paju, Siman Ponorogo nduweni Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri kang ditindakake dening warok nalika wulan Suro. Laku ritual warok minangka salah sawijining wujud tradhisi Jawa kang isih kawentar ing kutha Ponorogo. Tradhisi laku ritual kasebut mujudakae sawijing kewajiban dening warok kanthi tujuwan supaya nggayuh keimanan adhedhasar ati nurani kang resik sarta rasa ikhlas anggone tumindak lan tumandang. Adhedhasar bab kasebut panliten nduweni kekarepan kanggo nindakake panliten ngenani Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri.

Undering panliten yaiku 1) Kepriye  mula bukane Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri ing Kabupaten Ponorogo?; 2) Apa wae jinis ubarampe lan makna simbolis kang dibutuhake ing laku ritual warok?; 3)Apa wae busana lan makna simbolis kang dibutuhake ing laku ritual warok?; 4)Kepriye laku ritual kang ditindakake?; 5)Kepriye nilai filosofi laku ritual warok?; 6)Apa wae mantra ing laku ritual warok?

Ancasing panliten yaiku 1) Ngandharake mula bukane Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri ing Kabupaten Ponorogo; 2) Ngandhrarake jinis ubarampe lan makna simbolis kang dibutuhake ing laku ritual warok; 3) Ngandharake busana lan makna simbolis kang dibutuhake ing laku ritual warok; 4) Ngandharake laku ritual kang ditindakake; 5) Ngandharake nilai filosofi laku ritual warok;

Paedah panliten laku ritual warok yaiku 1) Kanggo nambah pamawas babagan kawruh budaya Jawa, khususe ngenani Laku ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog kartika Puri ing Kabupaten Ponorogo kang andhuwehi tujuwan yaiku kanggo ngresiki awak lan ningkatake aspek rohani, 2) Nambah pangribawane folklore Jawa, perangan saka kabudayan Jawa, 3) Nglestarekake kabudayan Jawa, amarga anane panliten iki bisa nyathet lan ngrembakake budaya Jawa kang utawa Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri ing Kabupaten Ponorogo, 4) Dokumentasike salah sawijing budaya Jawa kang utawa laku ritual warok.

 Teori kang cundhuk kanggo ngudhari masalah kang tinemu ing panliten iki yaiku : (1) ritual, (2) semiotik (3) hermeutika. Leladhesan teori kanggo nintingi wujud Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri migunakake teori semiotic Pierce. Sarta nintingi wujud Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri  nggunakake teori piguna Bascom lan teorine Dundes. Panliten ngenani  Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri iki ngunakake ancangan kanthi metode panliten kualitatif deskriktif kang nggoleki data kanthi jero amarga data kasebut ngandhut sawijing makna. Data ing panliten iki awujud data lesan lan data barang. Data lesan arupa tembung, frase, ukara, lan wacana asiling wawancara marang informan. Data barang arupa gambar utawa asile dokumentasi saka busana lan ubarampe Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri. Data kasebut antuk lumantar metode lan teknik observasi, wawancara, lan dokumentasi. Tatacara analisis data ing panliten ini nggunakake open coding, axcial coding, lan selective coding.

Tatarakiting adicara Laku Ritual Warok Sajrone Paguyuban Seni Reyog Kartika Puri ing Kabupaten Ponorogo yaiku laku ritual warok sadurunge pagelaran, laku ritual warok nalika pagelaran, sarta laku ritual warok sawise pagelaran. Saliyane iku uga ana ubarampe kang digawe kanggo panjangkeping tatarakite laku ritual warok yaiku sajen jenang ndhut, dupo utawa miswa, merang, kembang setaman, cok bakal, lan tumpeng. Panliten iki uga nuduhake busana laku ritual warok yaiku busana warok tuwa, busana warok mudha, lan busan warokan. Sarta nilai filosofi laku ritual warok nduweni wewatekan limang prakara yaiku rila, narima, sabar, temen, lan budi luhur warok. Masyarakat Desa Paju bisa nampa tradhisi laku ritual warok kasebut minangka wis dadi pakulinan bebrayan anggone nindakake tradhisi kasebut, amarga  masyarakat Desa Paju saperangan masyarakate kagolong islam kejawen, utawa masyarakat kang isih nindakake tradhisi kejawen minangka kanggo nguri-nguri kabudayan Jawa.

(Sumber : http://ejournal.unesa.ac.id)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar