Rabu, 24 Desember 2014

GEGURITAN PENDIDIKAN

TANJUNG EMAS 

Papanmu pinggir samodra
Gedhe labuhmu marang Negara
Baitha-baitha
Saben dina teko lungo
Padha lelayaran
Saka manca Negara
Teka ing nusantara
Para wiyasa mira
Nrajang ombaking samodra
Ora peduli angin gedhe
Ora peduli panasing srengenge
Tanjung Emas
Jenengmu cinatha sejarah
Nganggo mangsi retna
Prasasti saka karang jati
Dadi saksi Labuhmu marang nagari

 Merapi

(Puthu Aryana)
Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

Sabtu Bersih

Dina Setu ing wanci enjang
Suasono Tasih katon Remeng
Katambah Kluruk pitik kang gayeng
Katon Siswa SMP kang Nggrengseng
Wanci Sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resek pasinaon
Namung tekat saiyeg saeka kapti
Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri
 
 
 
SUMBER : http://candycoffin.blogspot.com/2014/11/contoh-geguritan-jawa-pendidikan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar