Sabtu, 13 Desember 2014

Sinopsis Carang-Carang Garing

Tiwiek S.A. mujudake pengarang sastra jawa gagrag anyar periode taun 1970an.Pengarang saka tlatah Tulungagung iki kalebu produktif, salah sawijining novel karyane Tiwiek S.A. kanthi irah-irahan Carang-Carang Garing. Novel CCG kalebu novel realisme tragis, ingsajrone novel ana unsur-unsur intrinsik kang narik kawigaten kanggo dionceki, sarta makna-makna ang kinandhut ing sajrone novel bisa dadi wejangan ing jrone urip, novel CCG uga narik kawigaten yen digoleki kepriye larah-larahe. Mula saka kuwi novel CCG iki bakal dioncekinganggo teori Strukturalisme Genetik.Panliten iki bakal nintingi novel Carang-Carang Garing adhedhasar teori strukturalismegenetik. Dene underane panliten yaiku (1) Kepriye struktur intrinsik novel

Carang-Carang Garing 

anggitane Tiwiek S.A.? (2) Apa makna jrone novel

Carang-Carang Garing 

anggitaneTiwiek S.A.? (3) Kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel

Carang-Carang Garing 

?Sacara umum, panliten iki nduweni tujuwan kepingin nintingi novel Carang-CarangGaring adhedhasar teori strukturalisme genetik. Dene sacara khusus, panliten iki nduwenitujuwan (1) Ngandharake kepriye struktur intrinsik novel

Carang-Carang Garing 

anggitaneTiwiek S.A., (2) ngandharake Apa makna jrone novel

Carang-Carang Garing 

anggitane Tiwiek S.A.lan (3) ngandharake kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel

Carang-Carang Garing 

. Adhedhasar tujuwan kasebut, panliten iki nduweni ancas bisa aweh sumbangsih kanggo pangrembakane kasusastran jawa gagrag anyar, mligine apresiasi sastra jawa utawa kritik sastra.Panliten iki migunakake rantaman metode diskriptif kualitatif kang kapandhu deningtintingan strukturalisme genetik. Sumber dhata ing panliten iki arupa novel CCG anggitaneTiwiek S.A. sadurunge dadi novel, CCG nate kapacak ing majalah

 Jaya Baya

no 46-04 taun 1983awujud cerbung lan didadekake novel ing taun 2009, novel iki nduweni 128 kaca lan 13 babag.Cara ngumpulake dhata yaiku nemoake unit analisis lan nyathet dhata, banjur dianalisis nganggoteori strukturalisme genetik.Asiling panliten iki cunduk karo underaning panliten, (1) struktur intrinsik novel CCG, ingsajroning novel CCG ana tema mayor lan tema minor. Unsur intrinsik kapindo yaiku ngenani paraga lan wewatakane. Ing jroning novel CCG paraga diperang dadi papat, antarane yaiku paraga protagonis, paraga antagonis, paraga samping lan parga tambahan. Alur sing digunakakeyaiku alur campuran. Konflik sajrone novel CCG diperang dadi loro yaiku konflik eksternal lan

  konflik internal. Latar utawa setting ing jrone Novel CCG sing digawe dening sastrawan yaikutelu, Tulungagung, Surabaya, lan Malang. Latar utawa setting digawe manekawarna supaya pamaos ora bosen anggone maca lan supaya ora monoton anggone nyritakake kadadeyan-kadadeyan. (2) makna kang ana ing sajrone CCG kayata, sapa sing salah bakal seleh. Ing jronenovel uga ngelingake marang wong sing milik marang bandhane liyan, merga melik kuwi mesthinggendhong lali. Ing sajrone novel, Tiwiek S.A. uga nampilake babagan katresnan. Critane bisadienggo sinau yen sapa sing nyebarake katresnan kudu ngati-ati, amarga yen wis kadhong cidra bisa dadi dhendham, kamangka dhendham kuwi mbebayani. (3) Larah-larahe reriptane novelCarang-Carang kawiwitan saka sambung tresna mudha mudhi. Babagan kang ana gegayutanekaro judul yaiku wong cilik kang urip rekasa. Tiwiek S.A. uga nyritakake ngenani wong sugihora nduwe anak merga ing bebrayan akeh kadadeyan wong sugeh sing ora nduwe anak. Denelarah-larah liyane yaiku ngenani mitos sing mbaureksa, ing jroning novel CCG mitos ngenanising mbaureksa didadekake babagan kang mungkasi sakabehaning prakara. Uga sakabehetumindak candhala mesthi bakal cilaka, tumindak candhala bakal cilaka kuwi pepuntone wong

Sumber : http://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/1710/baca-artikel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar