Senin, 08 Desember 2014

PARIBASAN BAHASA JAWA

A
1. Adhang-adhang tetesé embun = Njagakaké barang mung sak olèh olèhé
2. Adigang, adigung, adiguna = Ngendelaké kakuwatané, kaluhurané lan kapinterané
3. Aji godhong garing = Wis ora ana ajiné/asor banget
4. Ana catur mungkur = Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik
5. Ana daulaté ora ana begjané = Arep nemu kabegjan, ning ora sida.
6. Ana gula ana semut = Panggonan sing akèh rejekiné, mesti akèh sing nekani.
7. Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahé anak dadi tanggungané wong tuwa.
8. Anggenthong umos = Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
9. Angon mangsa = Golèk waktu kang prayogo kanggo tumindak.
10. Angon ulat ngumbar tangan = Ngulataké kaanan yen limpe banjur dicolong.
11. Anjajah desa milang kori = Wong kang lelungan menyang ngendi-ngendi
12. Ambalithukkhukum = Wong kang pagaweane ngapusi
13. Ambidhung api rowang = Wong kang nduweni maksud jahat nanging ngaku dadi kancane.
14. Arep jamuré emoh watangé = Gelem kepenaké ora gelem rekasané.
15. Asu rebutan balung = Rebutan barang kang sepélé.
16. Asu belang kalung wang = Wong asor nanging sugih.
17. Asu gedhé menang kerahé = Wong kang dhuwur pangkate, mesthi baé luwih gedhé panguwasan
18. Asu marani gebuk = Njarag marani bebaya.
19. Ati béngkong oleh oncong = Wong duwé niyat ala oléh dalan
B
20. Baladéwa ilang gapité = Ilang kakuwatané/kaluhurané
21. Banyu pinerang = Ngibarate pasulayané sedulur mesthi enggal pulihe
22. Banyu pinerang ora bakal pedhot = Pasulayané sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.
23. Bathang lelaku = Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbebayani.
24. Blaba wuda = Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.
25. Bebek mungsuh mliwis = Wang pinter mungsuh padha wong pinter.
26. Becik ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.
27. Belo melu seton = Manut grubyuk ora ngerti karepe.
28. Beras wutah arang bali menyang takere = Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
29. mBidhung api rowang = Ethok-éthok nulung nanging sejatiné arep ngrusuhi.
30. Blilu tau pinter durung nglakoni = Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.
31. Bubuk oleh leng = Wong duwe niyat ala olèh dalan.
32. Bung pring petung = Bocah kang longgor (gelis gedhe).
33. Buntel kadut, ora kinang ora udut = Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok.
34. mBuru uceng kelangan dheleg = Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.
35. Busuk ketekuk, pinter keblinger = Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
C
36. Carang canthel = Ora diajak guneman nanging mèlu—mèlu ngrembug
37. Car-cor kaya kurang janganan = Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.
38. Cathok gawèl = Seneng cawe cawe mesthi ora diajak guneman.
39. Cebol nggayuh lintang = Kekarepan kang mokal bakal kelakon.
40. Cecak nguntal cagak = Gegayuhan kang ora imbang kekuwatan.

41. Cedhak celeng bolote = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
42. Cedhak kebo gupak = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.
43. Ciri wanci lelai ginawa mati = Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
44. Cincing-cincing meksa klebus = Karep ngirid nanging malah entek akèh.
45. Criwis cawis = Seneng maido nanging yo seneng mènèhi/muruki.
46. Cuplak andheng - andheng yen ora pernah panggonan bakal disingkirake = Wong kang njalari ala becik disingkirake
D
47. Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut = Wis ora gelem nyanak / sapa aruh
48. Dahwen ati open = Nacad nanging mbenerake wong liya.
49. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = Ala diunèkaké becik, becik diunekake ala.
50. Desa mawa cara, negara mawa tata = Saben panggonan duwe cara utawa adat dhéwe dhewe.
51. Dhemit ora nduilt, sétan ora doyan = Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.
52. Digarokake dilukokake = Dikongkon nyambut gawe abot.
53. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat = Wong kang kenceng karepe, ora kena dipenggah manèh.
54. Diwenehi ati ngrogoh rempela = Wis diwènehi sethithik, malah njaluk kang akeh.
55. Dom sumurup ing banyu = Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.
56. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kélangan = Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.
57. Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga winga = Wong kang nesu banget.
58. Dudutan lan anculan = Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
59. Durjana mati raga = Wong kang nduweni tekad mati.
60. Durung ilang pupak lempuyange = Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti apa-apa.
61. Durung pecus keselak besus = Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora
E
62. Eman eman ora keduman = Karep eman malah awake dhewe ora keduman
63. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil
64. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil
65. Embat embat celarat = Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
66. Emprit abuntut bedhug = Perkara sing maune sepele dadi gedhe.
67. Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
68. Endhas péthak ketiban empyak = Wong kang bola-bali nemu cilaka.
69. Enggon welut didoli udhet = Panggone wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa.
70. Entek ngamek kurang golek = Olehe, nguneni/nyeneni sakatoge
71. Entek jarake = Wis entek kasugihane
72. Esuk dhele sore tempe = Wong kang ora tetep atine (mencla - menclé).
G
  1. Gajah alingan suket teki. = Lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara
  1. (ng) Gajah elar = Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane
  1. Gajah ngidak rapah = Nrajang wewaler dhewe
  1. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = Wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban
  1. Garang garing = Wong semugih nanging sejatine kekurangan
  1. Gawe luwangan nggo ngurugi luwangan = Golek utangan kanggo nayur utang sing dhisik
  1. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh nggayuh luput = Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan
  1. G1iyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh = Senajan alon-alon anggoné tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane
  1. Golek banyu bening = Meguru golèk kawruh sing becik
  1. Golek-golek ketemu wong luru-luru = Karepe arep golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang)
  1. Gupak puluté ora mangan nangkane = Mèlu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepénak
I
  1. Idu didilat maneh = Murungake janji sing wis diucapaké
  1. Iwak lumebu wuwu = Wong kena apus kanthi gampang
J
86. (n) Jagakaké endhogé si blorok = Njagakake barang kang durung mesti ana lan orané
87. (n) Jajah désa milang kori = Lelungan menyang endi-endi
88. Jalma angkara mati murka = Nemoni cilaka jalaran angkara murkané
89. (n) Jalukan ora wèwehan = Seneng njaluk ora gelem mènèhi.
90. Jati ketlusupan ruyung = Kumpulané wong becik klebon wong ala.
91. Jaran kerubuhan empyak = Wong wis kanji (kapok) banget
92. Jarit lawas ing sampiran = Duwé kapinteran nanging ora digunakaké
93. Jer basuki mawa béa = Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
94. (n) Jujul muwul = Prakara kang nambah-nambahi rekasa
95. (n) Junjung ngentebaké = Ngalembana nanging duwe niyat ngasoraké.
K
96. Kacang ora ninggal lanjaran = Kabiasane anak niru wong tuwané
97. Kadang konang = Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih
98. Kalah cacak menang cacak = Samubarang penggawéyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané
99. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = Wong sing ora duwé papan panggona
100. Katépang ngrangsang gunung = Kagedhen karep/panjangka mokal bisa kelakon.
101. Katon kaya cempaka sawakul = Tansah disenengi wong akeh
102. Kaya banyu karo lenga = Wong kang ora bisa rukun
103. Kakèhan gludhug kuraug udan = Akèh omongé ora ana nyatané
104. Kebanjiran segara madu = Nemu kabegjan kang gedhe banget
105. Kebat kliwat, gancang pincang = Tumindak kesusu mesthi ora kebeneran
106. Kebo bule mati sétra = Wong pinter ning ora ana sing merlokaké
107. Kebo ilang tombok kandhang = Wis kelangan ngetokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan
108. Kebo kabotan sungu = Rekasa merga kakèhan anak
109. Kebo lumumpat ing palang = Ngadili prakara ora nganggo waton
110. Kebo mulih menyang kandhangé = Wong lunga adoh bali menyang omah manèh
111. Kebo nusu gudel = Wong tuwa jaluk wuruk wong enom
112. Kegedhen empyak kurang cagak = Kegedhen kakerepan nanging kurang sembada
113. Kajugrugan gunung menyan = Oleh kabegjan kang gedhé banget
114. Kekudhung welulang macan = Ngapusi nggawe jeneng wong kang diwedeni
115. Kelacak kepathak = Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn
116. Kena iwake aja nganti butheg banyune = Sing dikarepake kelakon ning aja nganti gawe rusak/ramé
117. Kencana katon wingka = Senajan apik nanging ora diseneng
118. Kendel ngringkel, dhadhag ora godak = Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho
119. Kenès ora ethes = Wong sugih umuk nanging bodho
120. Keplok ora tombok = Wong senengané maido thok, ora gelem mélu cawe-cawe
121. Kére munggah bale = Batur dipek bojo karo bendaran
122. Kere nemoni malem = Wong kang bedhighasan / serakah.
123. Kerot ora duwe untu = Duwe kekarepan ning ora duwé bandha/ wragat
124. Kerubuhan gunung = Wong nemoni kesusahan sing gedhé banget
125. Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang = Oleh cilaka sing ora dinyana nyana
126. Ketula-tula ketali = Wong kang tansah nandhang sengsara
127. Kethek saranggon = Kumpulan wong kang tindak ala
128. Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep
129. Klenthing wadah masin = Angel ninggalake pakulinan tumindak ala
130. Kongsi jambul wanen = Nganti tumekan tuwa banget
131. Krokot ing galeng = Wong kang mlarat banget
132. Kriwikan dadi grojogan = Prakara kang maune cilik dadi gedhe
133. Kumenthus ora pecus. = Seneng umuk nanging ora sembada
134. Kurung munggah lumbung = Wong asor /cilik didadèkake wong gedhe
135. Kuthuk nggendhong kemiri = Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani
136. Kutuk rnarani sunduk ula marani gepuk = Njarag marani bebaya
137. Kuncung nganti temeka gelung = Suwe banget anggone entèni.
L
138. Ladak kecangklak = Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
139. Lahang karoban manis = Rupane bagus/ayu tur luhur bebudène
140. Lambe satumang kari semerang = Dituturi bola-bali meksa ora digugu
141. Lanang kemangi = Wong lanang kang jirèh
142. Legan golek momongan = Wis kepenak malah golèk rekasa
143. Lumpuh ngideri jagad = Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
M
144. Maju tatu mundur ajur = Prakara kang sarwa pakéwuh
145. Matang tuna numbak luput = Tansah luput kabèh panggayuhané
146. Mbuang tilas = Ethok-éthok ora ngerti marang tumindaké kang ala sing lagi dilakoni
147. Meneng widara uleran = Katon anteng nanging sejatiné ala atine
148. Mentung koja kena sembaginé = Rumangsané ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
149. Merangi tatal = Mentahi rembug kang wis mateng
150. Mikul dhuwur mendhem jero = Bisa njunjung drajat wog tuwa
151. Milih-milihh tebu oleh boleng = Kakèhan milih, wekasan olèh kang ora becik
152. Mrojol selaning garu = Wong kang luput saka bebaya
153. Mubra-mubru mblabar madu = Wong sing sarwa kecukupan.
N
154. Nabok nyilih tangan = Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
155. Ngagar metu kawul = Ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
156. Ngajari bebek nglangi = Penggaweyan sing ora ana padahe
157. Ngalasake negara = Wong sing ora manut pranatan negara
158. Ngalem legining gula = Ngalembana kapinteran wang kang pancèn pinter/sugih
159. Ngaturake kidang lumayu = Ngaturak barang kang wis ora ana
160. Nglungguhi klasa gumelar = Nindakak panggaweyan kang wis tumata.
161. Ngontragake gunung = Wong cilik asor bisa nga1ahake wong luhur/ gedhe, nganti gawe kagèt wong akèh
162. Nguthik-uthik macan dhedhe = Njaragwongkangwis lilih nepsune
163. Nguyahi segara = Weweh marangwong sugih kang ora ana pituwase
164. Nucuk ngiberake = Wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat
165. Nulung menthung = Wong kang nulung malah nggawe rekasa dhewe.
166. Nututi layangan pedhot = Nggolèki barang sepele sing wis ilang
167. Nyangoni kawula minggat = Ndandani barang kang tansah rusak
168. Nyolong pethek = Tansah mlèsèt saka pamèthèke/pambatang.
O
169. Obah ngarep kobet mburi = Tumindaké panggedhé dadi contoné/ panutané kawula alit.
170. Opor bebek, mentas awake dhewek = Rampung saka rekadayane dhéwé
171. Ora ana banyu mili menduwur = Wataké anak biasané niru wong tuwané
172. Ora ana kukus tanpa geni = Ora ana akibat tanpa sebab
173. Ora gonja ora unus = Wong kang ala rupane uga atine
174. Ora narima ing pandum = Ora puas apa kang diduweni.
175. Ora mambu enthong irus = Dudu sanak dudu kadang
176. Ora tembung ora tawung = Nupuk barange liyan tanpa kandha dhisik
177. Ora uwur ora sembur = Ora gelem cawe-cawe babar pisan
178. Ora kinang ora udut = Ora mangan apa-apa
179. Othak athik didudut angel = Guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebul angel.
P
180. Palang mangan tandur = Diwenehi kepercayan nanging malah gawe kapitunan
181. Pandengan karo srengenge = Memungsuhan karo panguwasa
182. Panditane antake = Laire katon suci batine ala.
183. Pecruk tunggu bara = Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.
184. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasan malah ngentek-enteki
185. Pupur sadurung benjut = Ngati-ati mumpung durung cilaka.
R
186. Rampek rampek kethek = Nyedhak- nyedhak mung arep gawe kapitunan.
187. Rawer-rawe rantas, malang-malang putung = Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkirake.
188. Rebut balung tanpa isi = Pasulayan merga barang kang sepele.
189. Rindik asu digitik = Dikongkon Nindakaké(penggaweyan kang cocok karo kekarepane.
190. Rupa nggendong rega = Marga barang apik mula regane ya larang.
191. Rukun agawé santosa, crah agawé bubrah = Yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesti bakal bubrah rusak
S
192. Sabar sareh mesti bakal pikoleh = Tumindak samubarang aja kesusu.
193. Sabaya pati, sabaya mukti = Kerukunan kang nganti tekan pati.
194. Sadumuk bathuk, sanyari bumi= Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
195. Sandhing kebo gupak = Cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
196. Sapa salah saleh = Sapa sing salah bakal konangan
197. Satru mungging cangklakan = Mungsuh wong kang isih sanak sadulur.
198. Sedhakep awé-awé = Wis ninggalake Tumindak ala. nanging ing batin isih kepingin nglakoni maneh.
199. Sembur-sembur adus, siram-siram bayem = Bisa kaleksanan marga oleh pandongàné wong akèh
200. Sepi ing pamrih, ramé ing gawe = Nindakake panggaweyan kanthi ora duwé kamélikan apa-apa.
201. Sigar semangka = Mbagi kanthi adil
202. Sing sapa salah bakal seleh = Sapa sing salah bakal konangan.
203. Sluman slumun slamet = Senajan kurang ngati-ati. nanging isih diparingi slamet
204. Sumur lumaku tinimba, Gong lumaku tinabuh = Wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
T
205. Tebu tuwuh socane = Prakara kang wis apik, bubrah marga ana kang durung mesthi salah lan benere.
206. Tega larane ora tega patine = Senadyan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
207. Tekek mati ing ulone = Nemoni cilaka marga saka guneme dhewe.
208. Timun jinara = Prakara gampang banget
209. Timun mungsuh duren = Wong cilik mungsuh pànguwasa, mesthi kalah
210. Timun wungkuk jaga imbuh = Wong bodho kanggone mung yen kekurangan baé
211. Tinggal glanggang colong playu = Ninggalaké papan pasulayan
212. Tulung menthung = Katoné nulungi, jebulé malah ngrusuhi
213. Tumbak cucukan = Wong sing seneng adu-adu
214. Tuna sathak bathi sanak = Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran
215. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = Prakara ala ngambra ambra, prakara becik kari sathithik
216. Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara = Khabar kang durung mesthi salah lan benere
U
217. Ucul saka kudangan = Luput karo gegayuhane
218. Ulat madhep ati manteb = Wis manteb banget kekarepané
219. Undaking pawarta, sudaning kiriman = Biasané pawarta iku béda karo kanyatakane
220. Ungak-ungak pager arang = Ngisin isini.
W
221. Weding ing wayangane dhewe = Wong sing ala, rumasa wedi yen konangan alane.
222. Wedi rai wani silit = Wedi ning ngarepe, nanging wani ing burine
223. Welas tanpa alis = Karepe welas nanging malah gawé kapitunan.
224. Wis kebak sundukané = Wis akèh banget kaluputané.
225. Wiwit kuncung nganti gelung = Wiwit cilik nganti gedhé/tuwa.
226. Wong busuk ketekuk = Wong kang bodho mesthi nemu cilaka.
Y
227. Yitna yuwana mati ina = Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
228. Yiyidan mungging rampadan. = Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim
229. Yoga anyangga yogi = Murid nirokaké piwulangé guru.
230. Yuwana mati lena = Wong becik oleh cilaka, marga kurang ati-ati.
231. Yuyu rumpung mbarong ronge = Omahé magrong-magrong nanging sejatiné
(Sumber : http://kumpulan-cerpen-salmah.blogspot.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar