ARTI WAYANG
Wayang : “Wa” – “Ya” – “Ng”
• “Wa” ateges Woh
• “Ya” ateges Saguh
• “Ng” ateges Ngaurip
Wayang yaiku “hasil wohing ngaurip” utawa “ngunduh wohing pakarti”.
Wayang gunane kanggo tuntunan sing karepe nuntun nyang dalan ing
kautaman, tontonan sing tegese nduweni bobot sing ante plan kena kanggo
ngepras sing medukul nguruki nggone sing legog. dijupuk saka tembang
sinom unene mengkene “Basa kelir iku raga, wayange sukma sejati, dalange
iku utusan, balencong wahyuning urip, widi iku cahyaning uripku,
nyrambahi badanira njaba njero, ngadep nginggil, cipta rasa budi karsa
sung tuladha.
Asale wayang miturut angitane Pakdhe Sariengat kabeh
mau ya mung saka jawa sing uwis Banter lakune, Gentur tapane, Mateng
semedine ing wusana kaparing apa ingkang dadi sedya ing wusana,
pinaringan ing panyuwune, kinabulake sak laku jantrene kuwat lan kena
kanggo tuntunan ing uripe ben kena diconto utawa tinuladha digugu reh
perintahe, ing pamrih bisa urip mulya mati sampurna. mula terus ana
lakon Mahabrata sing tegese Maha kuwi luwih, Brata kuwi laku dadine
yaiku “lakune sing linuwih” bisa nampa ing kanugrahan. la saiki
dibacutake karo wong sing demen mangudi meneh uga antuk sasmita lan
ganjaran peparing ing Gusti. keparing lan pinaringan ana lakon perang
bratayuda, dadi sak benere wong urip iki kon nglakoni lakune perang
lahir lan batin mula ya kudu sing prayitna, gladhinen, latihen, sinauo (
sekolah ) olah raga, olah rasa, olah sukma, olah suwara, lan olah
cahya. maksaken ben mateng aja nganti dipangan mentah-mentah. nah mula
saiki mung kari mikir, aku iki gelem apa ora? olah-olah supaya bisa
antuk kinacek, kinasis, kinasih, kinayoman marang ingkang hanyiptakake
Jagad, dadi mangertia menawa manung sa urip iki ya mung diutus nglakoni
tugas ing ngaurip, pramula kudu sing eling aja nglalekake karo tugasing
urip.
Sawise ngerti asale wayang terus bisa nyakep anane gamelan.
sak temene lamun wong urip iki mung ngrungokake anane pendidikan batin
terus-menerus iki anane ya mboseni, mula terus pinaringan sasmita anane
panglipur lan mula diparingi kanggo larasing rasa ben bisa gathuk ana
ing lahir lan batine. dadi ya wis cetha kuwating lahir saka batin lan
kuwating batin saka lahir, dadi manungsa bisa mau bisa manunggal dadi
siji.
Lakon ing wayang.
Lakon ing wayang iki ana 3 yaiku :
1. “Tumetesing banyu suci perwitasari kayugong susuhing angin”. sing manggone ana Gunung Abramuka.
2. “Babaring Jimat Kalima Husada”. sing dipundi dening Puntadewa. ( PANCASILA ).
3. “Wedaring Wahyu Sastro Jendriya Hayuning Rat Pangruwat ing Diyu”. iki wis pathokaning wewaton “Pakem”.
Nanging jer kabeh mau kena dicarang utawa dikembangake, direkadaya, digoleki apik lan becike, sumangga.
Dadi aja mung ngawur wae, 3000 tahun sadurunge masehi jawa kuwi uwis
ana mulai saka aksarane, gambarane, gegebengane pandumaning urip iki wis
cinekel dening para winasis ing jaman “KUNA MAKUNA” mula ya bisa
ngerteni lerenging jaman sing bakal tumeka. kabeh mau ya ora mung saka
gedening tekate, banter lakune, genter tapane, mateng semedine, wening
ciptane kabeh mau ya saka karsaning Gusti. mula tinembungake sing temen
bakal tinemu.
Marilah kita membangun Mental dan Budaya kita. kembalilah kepada JATI DIRI kita yang sesungguhnya yang telah hilang.
Aja
padha gelem dijajah, mesakake anak-putu-buyut-canggah mbesuke, iki
kabeh buth kemakmuran, kesejahteraan, kebahagiaan yang MERDEKA dalam
KEMERDEKAAN.
(Sumber : http://elingbalijowokuno.blogspot.com/2010/07/blog-post_4135.html)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar